Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 170
120–121 dari 856
1.200–1.209 dari 8.560
021.076 anak isun Ki Banawa | yèn kaya ujaring rèki | iku kaya ngapa [[f. 109r]: nga...pa] sira | pira kèhe wong Matawis | nanging ta rêke gaib | ing Alah tan sira kawruh | iya si lamun nyata | saprakara ngong awêdi | kang wêwalêr Susunan Girakadhatyan[1] ||
021.077 dadya mênggah Dyan Banawa | cinêgah ing rama aji | kadi sakala cinancang | sakathahe para mantri | agêcaka[2] Matawis | kalane ratu tanpasung | dadya anglampus ing tyas | anut satitahing Widi | ênêngêna wau Kanjêng Sultan Pajang ||
021.078 wuwusên mangke Mataram | tatkalanira tinangkil | pêpêk kang bandhu sêntana | para putra sami nangkil | ki agêng mangkya angling | iya ing Mataram besuk | panêmbahan ing Arga | amimiti marang mami | mapan isun cinêtha amutêr jaman ||
021.079 nanging anak putuniwang | ing benjang sapukur mami | kang amurwa nusa Jawa | dadya para sanak mami | sokura ing Yyang Widi | èstua wirayat iku | dadya ki agêng mojar | lah ta kaki anak mami | pan manawi èstu ujaring wirayat ||
021.080 ing têmbe kalamun sira | anglurug mangetan iki | marang nêgara bang wetan | bênêra Jumahat Manis | angiring sultan uni | ing Pajang mring Giri wau | dadya ki agêng lingnya | lan malih yèn anglurugi | ing bang wetan nujua sasi Mukaram ||
021.081 kala isun ingandikan | dening ta raja ing Giri | ngandika para dipatya | bang wetan sadaya nagri | sabdane sang mahyakti | lah wêwurinên ing besuk | poma ta sira benjang | kawruhana iku kaki | yèn anglurug [[f. 109v]: a...nglurug] dèn eling sasi Muhkaram ||
021.082 yèn prapta ing têmbe ika | kalamun dipun lurugi | dening prayayi bang wetan | anglurug marang Matawis | lamun sira mêtoni | ayya ta liwat ing Gunung | Kêndhêng kalaning yuda | lah iku wêwalêr mami | singa liwat ing gunung Kêndhêng kasoran ||
021.083 dadi andhap ikang yuda | lan malih wêwêkas mami | kalamun rêke têmêna | ujare wirayat iki | ya ta Mataram benjing | dadi pangauban iku | dening wong nusa Jawa | poma anak putu mami | lamun sira anjênêngakên pugawa ||
021.084 aja liyan wong Mataram | kang pêrak lawan sirèki | rowangira cakal bakal | wong patang atus sirèki | anak putunya ugi | ana mawi dosa iku | sagêngane kang dosa | apuranên iku kaki | dèn kaetang rowange guna nastapa ||
021.085 yèn sira nora ngapura | sadosane têkèng pati | nanging gêtihe wong ika | aja tumètès Matawis | lan prakarane malih | dèn èngêt wêwêkas ingsun | benjang sapukur iwang | padha èstokêna iki | ki ngabèi gêganthènge[3] wong Mataram ||
120–121 dari 856

 


Girikadhatyan. (kembali)
anggêcaka (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.123, Pupuh 21.77.5). (kembali)
bêbanthènge. (kembali)