Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 170
121–122 dari 856
1.202–1.211 dari 8.560
021.078 wuwusên mangke Mataram | tatkalanira tinangkil | pêpêk kang bandhu sêntana | para putra sami nangkil | ki agêng mangkya angling | iya ing Mataram besuk | panêmbahan ing Arga | amimiti marang mami | mapan isun cinêtha amutêr jaman ||
021.079 nanging anak putuniwang | ing benjang sapukur mami | kang amurwa nusa Jawa | dadya para sanak mami | sokura ing Yyang Widi | èstua wirayat iku | dadya ki agêng mojar | lah ta kaki anak mami | pan manawi èstu ujaring wirayat ||
021.080 ing têmbe kalamun sira | anglurug mangetan iki | marang nêgara bang wetan | bênêra Jumahat Manis | angiring sultan uni | ing Pajang mring Giri wau | dadya ki agêng lingnya | lan malih yèn anglurugi | ing bang wetan nujua sasi Mukaram ||
021.081 kala isun ingandikan | dening ta raja ing Giri | ngandika para dipatya | bang wetan sadaya nagri | sabdane sang mahyakti | lah wêwurinên ing besuk | poma ta sira benjang | kawruhana iku kaki | yèn anglurug [[f. 109v]: a...nglurug] dèn eling sasi Muhkaram ||
021.082 yèn prapta ing têmbe ika | kalamun dipun lurugi | dening prayayi bang wetan | anglurug marang Matawis | lamun sira mêtoni | ayya ta liwat ing Gunung | Kêndhêng kalaning yuda | lah iku wêwalêr mami | singa liwat ing gunung Kêndhêng kasoran ||
021.083 dadi andhap ikang yuda | lan malih wêwêkas mami | kalamun rêke têmêna | ujare wirayat iki | ya ta Mataram benjing | dadi pangauban iku | dening wong nusa Jawa | poma anak putu mami | lamun sira anjênêngakên pugawa ||
021.084 aja liyan wong Mataram | kang pêrak lawan sirèki | rowangira cakal bakal | wong patang atus sirèki | anak putunya ugi | ana mawi dosa iku | sagêngane kang dosa | apuranên iku kaki | dèn kaetang rowange guna nastapa ||
021.085 yèn sira nora ngapura | sadosane têkèng pati | nanging gêtihe wong ika | aja tumètès Matawis | lan prakarane malih | dèn èngêt wêwêkas ingsun | benjang sapukur iwang | padha èstokêna iki | ki ngabèi gêganthènge[1] wong Mataram ||
021.086 sêmana pan sampun gêmah | padhukuhan ing Matawis | akathah têtiyang prapta | sêmana sampun amukti | Kyai Agêng Matawis | akathah nak putu rawuh | mapan andina-dina | tan pêgat têtiyang prapti | atur-atur dhaharan lawan wowohan ||
021.087 mapan suka awibawa | ikang dhêkah ing Matawis | lan sakulawangsanira [[f. 110r]: sakula...wangsanira] | kang para putra amukti | tan ana walangati | ing sakarsanira tutug | ki agêng ing Mataram | anutug dènira mukti | lan pinundhi-pundhi dening wong Mataram ||
121–122 dari 856

 


bêbanthènge. (kembali)