Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
21 dari 170
120–121 dari 856
1.194–1.203 dari 8.560
| 021.070 | nuntên ayasa têlaga | sakèhing para dipati | samya dhudhuk-dhudhuk sira | aglis carita wus dadi | sêmana [[f. 108v]: sê...mana] ta winarni | winastan Têlaga Patut | ênggènnya pêpatutan | sakèhing măncanêgari | pan pinatut wau kang punang têlaga || |
| 021.071 | sasampunira mêngkana | sakèhing para dipati | sadaya mantuk ta sira | miwah Sultan Pajang iki | nulya wau ngujungi | tinundhung nulya glis mantuk | Kyai Agêng Mataram | andhèrèk ing sultan sigih | tan atêbah wau anèng wurinira || |
| 021.072 | datan kawarna ing marga | nagri Pajang aglis prapti | miwah Ki Agêng Mataram | pan sampun mantuk Matawis | Sultan Pajang winarni | sineba ing pugawa gung | miwah kang para putra | sadaya sami anangkil | Sultan Pajang atutur wirayatira || |
| 021.073 | kawruhanira wong Pajang | apan iya ing Matawis | ing têmbe amutêr jaman | ing nusa Jawa ing benjing | dadya sakèhing mantri | miwah para putra wau | kagyat angrungu warta | kang wirayat Sunan Giri | ikang putra sultan wasta Ki Banawa || |
| 021.074 | matur anêmbah ing rama | kawula anuwun sigih | mênawi èstu patikbra | wirayate Sunan Giri | supamikna Matawis | lir api sabathok iku | yèn aglis siniraman | yaktine agêng ing benjing | yèn suwawi lan karsa panduka nata || |
| 021.075 | kawula kang tumanduka | atugur anèng ing taji | mupung[1] si dèrèng angrêbda | wênang pêpêr pan tumuli | dadya sakèhing mantri | sadaya asaur manuk | sami matur sadaya | umiring atur puniki | dadya Sultan Pajang alon angandika || |
| 021.076 | anak isun Ki Banawa | yèn kaya ujaring rèki | iku kaya ngapa [[f. 109r]: nga...pa] sira | pira kèhe wong Matawis | nanging ta rêke gaib | ing Alah tan sira kawruh | iya si lamun nyata | saprakara ngong awêdi | kang wêwalêr Susunan Girakadhatyan[2] || |
| 021.077 | dadya mênggah Dyan Banawa | cinêgah ing rama aji | kadi sakala cinancang | sakathahe para mantri | agêcaka[3] Matawis | kalane ratu tanpasung | dadya anglampus ing tyas | anut satitahing Widi | ênêngêna wau Kanjêng Sultan Pajang || |
| 021.078 | wuwusên mangke Mataram | tatkalanira tinangkil | pêpêk kang bandhu sêntana | para putra sami nangkil | ki agêng mangkya angling | iya ing Mataram besuk | panêmbahan ing Arga | amimiti marang mami | mapan isun cinêtha amutêr jaman || |
| 021.079 | nanging anak putuniwang | ing benjang sapukur mami | kang amurwa nusa Jawa | dadya para sanak mami | sokura ing Yyang Widi | èstua wirayat iku | dadya ki agêng mojar | lah ta kaki anak mami | pan manawi èstu ujaring wirayat || |
120–121 dari 856
| 1 | mumpung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.122, Pupuh 21.75.3). (kembali) |
| 2 | Girikadhatyan. (kembali) |
| 3 | anggêcaka (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.123, Pupuh 21.77.5). (kembali) |