Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 170
120–121 dari 856
1.197–1.206 dari 8.560
021.073 kawruhanira wong Pajang | apan iya ing Matawis | ing têmbe amutêr jaman | ing nusa Jawa ing benjing | dadya sakèhing mantri | miwah para putra wau | kagyat angrungu warta | kang wirayat Sunan Giri | ikang putra sultan wasta Ki Banawa ||
021.074 matur anêmbah ing rama | kawula anuwun sigih | mênawi èstu patikbra | wirayate Sunan Giri | supamikna Matawis | lir api sabathok iku | yèn aglis siniraman | yaktine agêng ing benjing | yèn suwawi lan karsa panduka nata ||
021.075 kawula kang tumanduka | atugur anèng ing taji | mupung[1] si dèrèng angrêbda | wênang pêpêr pan tumuli | dadya sakèhing mantri | sadaya asaur manuk | sami matur sadaya | umiring atur puniki | dadya Sultan Pajang alon angandika ||
021.076 anak isun Ki Banawa | yèn kaya ujaring rèki | iku kaya ngapa [[f. 109r]: nga...pa] sira | pira kèhe wong Matawis | nanging ta rêke gaib | ing Alah tan sira kawruh | iya si lamun nyata | saprakara ngong awêdi | kang wêwalêr Susunan Girakadhatyan[2] ||
021.077 dadya mênggah Dyan Banawa | cinêgah ing rama aji | kadi sakala cinancang | sakathahe para mantri | agêcaka[3] Matawis | kalane ratu tanpasung | dadya anglampus ing tyas | anut satitahing Widi | ênêngêna wau Kanjêng Sultan Pajang ||
021.078 wuwusên mangke Mataram | tatkalanira tinangkil | pêpêk kang bandhu sêntana | para putra sami nangkil | ki agêng mangkya angling | iya ing Mataram besuk | panêmbahan ing Arga | amimiti marang mami | mapan isun cinêtha amutêr jaman ||
021.079 nanging anak putuniwang | ing benjang sapukur mami | kang amurwa nusa Jawa | dadya para sanak mami | sokura ing Yyang Widi | èstua wirayat iku | dadya ki agêng mojar | lah ta kaki anak mami | pan manawi èstu ujaring wirayat ||
021.080 ing têmbe kalamun sira | anglurug mangetan iki | marang nêgara bang wetan | bênêra Jumahat Manis | angiring sultan uni | ing Pajang mring Giri wau | dadya ki agêng lingnya | lan malih yèn anglurugi | ing bang wetan nujua sasi Mukaram ||
021.081 kala isun ingandikan | dening ta raja ing Giri | ngandika para dipatya | bang wetan sadaya nagri | sabdane sang mahyakti | lah wêwurinên ing besuk | poma ta sira benjang | kawruhana iku kaki | yèn anglurug [[f. 109v]: a...nglurug] dèn eling sasi Muhkaram ||
021.082 yèn prapta ing têmbe ika | kalamun dipun lurugi | dening prayayi bang wetan | anglurug marang Matawis | lamun sira mêtoni | ayya ta liwat ing Gunung | Kêndhêng kalaning yuda | lah iku wêwalêr mami | singa liwat ing gunung Kêndhêng kasoran ||
120–121 dari 856

 


mumpung (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.122, Pupuh 21.75.3). (kembali)
Girikadhatyan. (kembali)
anggêcaka (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.123, Pupuh 21.77.5). (kembali)