Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
21 dari 170
121–122 dari 856
1.209–1.218 dari 8.560
| 021.085 | yèn sira nora ngapura | sadosane têkèng pati | nanging gêtihe wong ika | aja tumètès Matawis | lan prakarane malih | dèn èngêt wêwêkas ingsun | benjang sapukur iwang | padha èstokêna iki | ki ngabèi gêganthènge[1] wong Mataram || |
| 021.086 | sêmana pan sampun gêmah | padhukuhan ing Matawis | akathah têtiyang prapta | sêmana sampun amukti | Kyai Agêng Matawis | akathah nak putu rawuh | mapan andina-dina | tan pêgat têtiyang prapti | atur-atur dhaharan lawan wowohan || |
| 021.087 | mapan suka awibawa | ikang dhêkah ing Matawis | lan sakulawangsanira [[f. 110r]: sakula...wangsanira] | kang para putra amukti | tan ana walangati | ing sakarsanira tutug | ki agêng ing Mataram | anutug dènira mukti | lan pinundhi-pundhi dening wong Mataram || |
| 021.088 | datan kawarna sêmana | lamun karsa acangkrami | ngarakab ulam akathah | sabarang karsaning rèki | miwah lamun cangkrami | dhatêng wana anênupu[2] | kidang banthèng majangan | miwah dhatêng ing pasisir | têka ana tan cuwa sakarsanira || |
| 021.089 | dawêg cacahing wong dhomas | duk sêmana ing Matawis | ya ta ing alama-lama | Ki Agêng Matawis iki | gêrah sangêt winarni | sampun karsane Yyang Agung | puput kang panjênêngan | putra anungkuli sami | nulya seda ikang layon sinucenan || |
| 021.090 | risampunira ngulêsan | Kyai Agêng ing Matawis | ingastana ing bacingah | sigêgên kang sampun lalis | ikang kari prihatin | sakathahe anak putu | miwah kang kulawarga | sadaya sami anangis | sakalakung raditra[3] wau kang driya || |
| 021.091 | lêlima mantri wisaya | ing jalmi sêngkalanèki |[4] kabèh pêpêkan kang putra | panrih[5] amba ga sami |[6] pêpak kang putra nênggih | ya ta ngandika Ki Juru | sakèhe putraniwang | lah payo sun gawa sami | angaturi uninga sultan ing Pajang || |
| 021.092 | yèn ramanira pralina | lah paran karsanya benjing | sapa kang dèn karsakêna | putrane kang agêntosi | patigi ing Matawis | mila sadaya nak isun | padha manira gawa | seba mring Pajang nêgari | paran karsanira [[f. 110v]: kar...sanira] Kanjêng Sultan Pajang || |
| 021.093 | sampun arêmbag sadaya | ikang para putra sami | wus dandan nulya umangkat | tan ana suwalèng ati | apan sami lumiring | ing karsane Kyai Juru | wau satilarira | sira Ki Agêng Matawis | sakathahe wau ikang para putra || |
| 021.094 | sumukêm sami ambapa | mring Ki Juru Amartani | pan kinarya panêmbahan | dening para putra sami | kang kinarya gêgênti | ing rama kang sampun lampus | lakung subêktinira | para putranira sami | datan ana malanga ing karsanira || |
121–122 dari 856
| 1 | bêbanthènge. (kembali) |
| 2 | anênumpu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.124, Pupuh 21.88.6). (kembali) |
| 3 | rudita. (kembali) |
| 4 | Tanggal: lêlima mantri wisaya ing jalmi (S 1535). Tahun Masehi: 1613–4. (kembali) |
| 5 | pinrih. (kembali) |
| 6 | Kurang satu suku kata: pinrih amba gawa sami. (kembali) |