Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
21 dari 170
122–123 dari 856
1.220–1.229 dari 8.560
021.096 wus prapta nêgari Pajang | ya ta kawarnaa enjing | Sultan Pajang sinewaka | pêpak sakathahing mantri | Ki Juru Amartani | apepe sor wringin kurung | para putra sadaya | binakta apepe sami | katingalan wau dhatêng Sultan Pajang ||
021.097 sapa kang adhedhe ika | dening akèh sun tingali | lah wong gandhèk tumuruna | lawan takonana sami | ikang kinèn tur bêkti | wong gandhèk sigra tumurun | saking ing padmasana | kang adhedhe dèn tingali | yèn Ki Juru amèpèkakên kang putra ||
021.098 pan Ki Juru ing Mataram | anulya dipun takèni | paran atur pêkênira | apepe soring waringin [[f. 111r]] | Ki Juru nulya angling | igih jêngandika mujuk | dhumatêng kanjêng sultan | yèn Ki Juru Amartani | dhapuripun kawula atur uninga ||
021.099 ing mangke yèn sampun pêjah | pun patigi ing Matawis | anakipun jalu gangsal | pun patigi ing Matawis | punika ta kang warni | sadaya pan sami tumut | katura kanjêng sultan | wong gandhèk mundur agipih | prapta ngarsa wong gandhèk sami anêmbah ||
021.100 sampun kawula pariksa | ikang pepe sor waringin | pun Jêbèng Juru Mataram | dhapur ngaturi udani | dhatêng panduka aji | aturipun kae Juru | yèn mangke sampun pêjah | pun patigi ing Matawis | anakipun kang sami jalu sagangsal ||
021.101 angungun sultan ing Pajang | dhuh wong sanak isun kaki | lah iya singa dhingina | sultan angandika aris | timbalana dèn aglis | pawong sanak sun Ki Juru | sigra nulya ngandikan | wau Ki Juru Martani | sampun prapta Ki Juru ngarsanya sultan ||
021.102 myang para putra sadaya | prapta ngayunan aligih | saksana sami anêmbah | gêntos samya asung bêkti | angaras pada sami | bukuh mangusapi lêbu | Sultan Pajang ngandika | mring Ki Juru Amartani | lah Ki Bayi Jêbèng Juru ing Mataram ||
021.103 kang yoga agêntènana | putranisun Ki Ngabèi [[f. 111v]] | Loring Pasar ta punika | kang manira jujung ligih | jumênênga nrêpati | ayya sukan-sukan besuk | tulusa awibawa | anèng nêgara Matawis | jumênênga Senapati Ingalaga ||
021.104 anadene pêkênira | Jêbèng Juru Amartani | ikang yoga amomonga | ing putra ngong senapati | ayya seba mariki | yèn ora jangkêp sataun | gêmahêna Mataram | yèn uwis satahun ugi | asebaa sira mring nêgara Pajang ||
021.105 Ki Juru matur wotsêkar | lah punika ta sang aji | sagunge ikang têtilar | bêrana myang para rabi | sumăngga ing nrêpati | Sultan Pajang ngandika rum | padha sira gawaa | mantuk marang ing Matawis | nanging sultan andulu wanodya anyar ||
122–123 dari 856