Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
24 dari 170
136–137 dari 856
1.359–1.368 dari 8.560
| 024.014 | sigra lampahira nulya prapti | pan tumamèng sira ngabyantara | cundhuk lawan sultan age | nêmbah ngusapi lêbu | ing sukunya nulya aligih | tumukul myang ngarêpan | ling duta sang prabu | agèr pun Sutawijaya | pan ubanggi ing ulun kinèn rumiyin | lumampah anèng wutat || |
| 024.015 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | risêdhêng ana dalême | lawan Kiyai Juru | Amartani sigra dènnya ngling | Senapati Ngalaga | kadyaparan iku | rèh andika iku nyawa | nora mangkat ingandikan ing rama ji | tan wande mêmusuhan || |
| 024.016 | ulun ngaturi uninga sigih | kadipundi kita mêmusuhan | sapa kita karya topèng | mantri Mataram takut | yèn adunên lawan rama ji | Sultan Pajang kawasa | digbya siti daut | têlik [[f. 123r]: têli...k] tandhane kang dhustha | tan tumama ing ngabyantara nrêpati | kapati sira nendra || |
| 024.017 | sinudukan dening punang têlik | Sultan Pajang eca gènnya nendra | lir lalêr mecok[1] rasane | kampuhipun tan butul | para garwa kagyat pan anjrit | sultan pan sinungkêman | kagyat sira wungu | ningali kang para garwa | padha nangis gumuruh watên ing sikil | anêrka yèn kabranan || |
| 024.018 | kadêr[2] pira dêdamêl Matawis | nanging dhomas wongira Mataram | apan dudu timbangane | yèn musuha sang prabu | yakti kalah wadya Mêtawis | sela lawan atigan | dudu timbangipun | timbangên myang rajaputra | wong Mataram wadya Pajang kang sadhidhik | wong sèwu pandumira || |
| 024.019 | rajaputra dunungira ing sih | ajêjuluk Pangeran Bênawa | salêksa bala kathahe | lirna kang para mantu | adipati ing Dêmak sigih | sangang èwu kang bala | anulya kang mantu | anênggih Dipati Tuban | balanipun wolung èwu iku nênggih | mantu putu anulya || |
| 024.020 | adipati ing Bantên kêkasih | pintung[3] èwu wong Mataram dhomas | kèhira wadyabalane | wêsi karyanên balung | pan têmbaga karyanên kulit | apan otota kawat | gêgala [[f. 123v]: gêga...la] kang susum | tan wande rêmuk kang dhomas | ginarumung dening wadya Pajang nênggih | pan kalah ikang dhomas || |
| 024.021 | lir atiga[4] sela ikang ngapit | wong Mataram upama atigan | wadya ing Pajang selane | apan kalah kang têlu | ulun karya upama malih | duryan wadya ing Pajang | wong dhomas lir timun | sayêkti măngsa mênanga | ikang timun yakti duryane nindhihi | duryan pasthi kang mênang || |
| 024.022 | lirna sasi wadya ing Matawis | lirna surya wadyabala Pajang | ing raina mijil age | sasi kucêm dinulu | marang ika ngujala sasi | dene ujalan surya | apadhang dinulu | lir apining wong Mataram | wong ing Pajang lir udan saking ing langit | gêni pasthine sirna || |
| 024.023 | kadipundi lah Ki Senapati | ênggènira musuh Sultan Pajang | kita uga ing dhèwèke | ngandêlakên yèn têguh | rasanira dadya lan sêkti | têmpuh pupuh wak kita | myang ketara[5] bau | myang ramanira sang nata | ulun iki aku ta merang ningali | ngamuka mantri Pajang || |
136–137 dari 856
| 1 | mencok (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.137, Pupuh 24.17.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.18.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.18.3). (kembali) |
| 2 | kadar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.19.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.19.1). (kembali) |
| 3 | pitung. (kembali) |
| 4 | antiga (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.22.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.22.1). Bandingkan: antigan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.23.1). (kembali) |
| 5 | kantara. Bandingkan: akantar (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.24.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.24.7). (kembali) |