Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
24 dari 170
136–137 dari 856
1.355–1.364 dari 8.560
| 024.010 | maksih magung anugang ing taji | jêngandika dutane jêng sultan | yakti kasor ing tandange | dening mudhun karuwun | saking taji kang dèn timbali | maksih anugang jaran | jêngandika iku | nora beda lawan sultan | kang akokon sarupanya duta sigih | dipun roro satugal || |
| 024.011 | Senapati Ingalaga angling | hèh Wuragil lawan Wilamarta | ragane sira kinèkèn[1] | duta karo amuwus | dahat ulun duta rama ji | angêmban pangandika | rining sang aulun | mangan nginum marènana | asebaa maring Pajang dipun aglis | myang kita akurèsa || |
| 024.012 | duta karo sinauran aglis | Senapati maksih nugang jaran | matura ing sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmagani | angalap gurtanira[2] | lawan garwanipun | mangan nginum mula kinon [[f. 122v]: kino...n] |[3] mêmarèni apan kêna ulun maksih | doyan nginum mêmangan || |
| 024.013 | ulun kinèn akurisa iki | dening sultan akaryaa paras | tuwuh lan karêpe dhewe | pêgene ya cinukur | malah sêdya ulun puniki | têka para matura | maring sang aulun | yèn mêngkono ujar iwang | duta karo Wilamarta myang Wuragil | amit mulih mring Pajang || |
| 024.014 | sigra lampahira nulya prapti | pan tumamèng sira ngabyantara | cundhuk lawan sultan age | nêmbah ngusapi lêbu | ing sukunya nulya aligih | tumukul myang ngarêpan | ling duta sang prabu | agèr pun Sutawijaya | pan ubanggi ing ulun kinèn rumiyin | lumampah anèng wutat || |
| 024.015 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | risêdhêng ana dalême | lawan Kiyai Juru | Amartani sigra dènnya ngling | Senapati Ngalaga | kadyaparan iku | rèh andika iku nyawa | nora mangkat ingandikan ing rama ji | tan wande mêmusuhan || |
| 024.016 | ulun ngaturi uninga sigih | kadipundi kita mêmusuhan | sapa kita karya topèng | mantri Mataram takut | yèn adunên lawan rama ji | Sultan Pajang kawasa | digbya siti daut | têlik [[f. 123r]: têli...k] tandhane kang dhustha | tan tumama ing ngabyantara nrêpati | kapati sira nendra || |
| 024.017 | sinudukan dening punang têlik | Sultan Pajang eca gènnya nendra | lir lalêr mecok[4] rasane | kampuhipun tan butul | para garwa kagyat pan anjrit | sultan pan sinungkêman | kagyat sira wungu | ningali kang para garwa | padha nangis gumuruh watên ing sikil | anêrka yèn kabranan || |
| 024.018 | kadêr[5] pira dêdamêl Matawis | nanging dhomas wongira Mataram | apan dudu timbangane | yèn musuha sang prabu | yakti kalah wadya Mêtawis | sela lawan atigan | dudu timbangipun | timbangên myang rajaputra | wong Mataram wadya Pajang kang sadhidhik | wong sèwu pandumira || |
| 024.019 | rajaputra dunungira ing sih | ajêjuluk Pangeran Bênawa | salêksa bala kathahe | lirna kang para mantu | adipati ing Dêmak sigih | sangang èwu kang bala | anulya kang mantu | anênggih Dipati Tuban | balanipun wolung èwu iku nênggih | mantu putu anulya || |
136–137 dari 856
| 1 | kinèngkèn (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.137, Pupuh 24.11.3; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.12.3). (kembali) |
| 2 | Bandingkan: sutanira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.13.6). (kembali) |
| 3 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: mangan nginum sun ingatag (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.13.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.13.8; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.13.8); mangan nginum kinèn bucal (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.7.8); mangan nginum kinon bucal (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.6.8). (kembali) |
| 4 | mencok (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.137, Pupuh 24.17.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.18.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.18.3). (kembali) |
| 5 | kadar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.19.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.19.1). (kembali) |