Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
24 dari 170
136–137 dari 856
1.357–1.366 dari 8.560
024.012 duta karo sinauran aglis | Senapati maksih nugang jaran | matura ing sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmagani | angalap gurtanira[1] | lawan garwanipun | mangan nginum mula kinon [[f. 122v]: kino...n] |[2] mêmarèni apan kêna ulun maksih | doyan nginum mêmangan ||
024.013 ulun kinèn akurisa iki | dening sultan akaryaa paras | tuwuh lan karêpe dhewe | pêgene ya cinukur | malah sêdya ulun puniki | têka para matura | maring sang aulun | yèn mêngkono ujar iwang | duta karo Wilamarta myang Wuragil | amit mulih mring Pajang ||
024.014 sigra lampahira nulya prapti | pan tumamèng sira ngabyantara | cundhuk lawan sultan age | nêmbah ngusapi lêbu | ing sukunya nulya aligih | tumukul myang ngarêpan | ling duta sang prabu | agèr pun Sutawijaya | pan ubanggi ing ulun kinèn rumiyin | lumampah anèng wutat ||
024.015 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | risêdhêng ana dalême | lawan Kiyai Juru | Amartani sigra dènnya ngling | Senapati Ngalaga | kadyaparan iku | rèh andika iku nyawa | nora mangkat ingandikan ing rama ji | tan wande mêmusuhan ||
024.016 ulun ngaturi uninga sigih | kadipundi kita mêmusuhan | sapa kita karya topèng | mantri Mataram takut | yèn adunên lawan rama ji | Sultan Pajang kawasa | digbya siti daut | têlik [[f. 123r]: têli...k] tandhane kang dhustha | tan tumama ing ngabyantara nrêpati | kapati sira nendra ||
024.017 sinudukan dening punang têlik | Sultan Pajang eca gènnya nendra | lir lalêr mecok[3] rasane | kampuhipun tan butul | para garwa kagyat pan anjrit | sultan pan sinungkêman | kagyat sira wungu | ningali kang para garwa | padha nangis gumuruh watên ing sikil | anêrka yèn kabranan ||
024.018 kadêr[4] pira dêdamêl Matawis | nanging dhomas wongira Mataram | apan dudu timbangane | yèn musuha sang prabu | yakti kalah wadya Mêtawis | sela lawan atigan | dudu timbangipun | timbangên myang rajaputra | wong Mataram wadya Pajang kang sadhidhik | wong sèwu pandumira ||
024.019 rajaputra dunungira ing sih | ajêjuluk Pangeran Bênawa | salêksa bala kathahe | lirna kang para mantu | adipati ing Dêmak sigih | sangang èwu kang bala | anulya kang mantu | anênggih Dipati Tuban | balanipun wolung èwu iku nênggih | mantu putu anulya ||
024.020 adipati ing Bantên kêkasih | pintung[5] èwu wong Mataram dhomas | kèhira wadyabalane | wêsi karyanên balung | pan têmbaga karyanên kulit | apan otota kawat | gêgala [[f. 123v]: gêga...la] kang susum | tan wande rêmuk kang dhomas | ginarumung dening wadya Pajang nênggih | pan kalah ikang dhomas ||
024.021 lir atiga[6] sela ikang ngapit | wong Mataram upama atigan | wadya ing Pajang selane | apan kalah kang têlu | ulun karya upama malih | duryan wadya ing Pajang | wong dhomas lir timun | sayêkti măngsa mênanga | ikang timun yakti duryane nindhihi | duryan pasthi kang mênang ||
136–137 dari 856

 


Bandingkan: sutanira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.13.6). (kembali)
Biasanya guru lagu a. Bandingkan: mangan nginum sun ingatag (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.13.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.13.8; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.13.8); mangan nginum kinèn bucal (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.7.8); mangan nginum kinon bucal (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.6.8). (kembali)
mencok (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.137, Pupuh 24.17.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.18.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.18.3). (kembali)
kadar (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.19.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.19.1). (kembali)
pitung. (kembali)
antiga (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.22.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.22.1). Bandingkan: antigan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.23.1). (kembali)