Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
24 dari 170
137–138 dari 856
1.369–1.378 dari 8.560
| 024.024 | mandahane kapirsaa aglis | dening ratu nênggih tanah sabrang | kang sêngit diguyu mangke | dening musuh sakuthu | yakti nêrka liyan narpati | Senapati Ngalaga | ènthèng bobotipun [[f. 124r]: bobot...ipun] | katuju wania aprang | musuh yaya[1] angrasa tanna madhani |[2] musuh suta myang bapa || |
| 024.025 | pangrasane atinisun iki | lamun kita musuha wong liyan | sapuluh Pajang gêdhene | apan ta uulun purun |[3] pan sajagat kêbêka iki | mapan barênga mara | wus pantês wong jalu | uga mijila ing rana | ginarumung tinub ing sanjata bêdhil | suligi lêmbing panah || |
| 024.026 | pakanira lah Ki Senapati | lamun kita musuh Sultan Pajang | têlung prakara inane | dhingin musuh ing guru | kaping kalih musuh ing gusti | kaping tiga wong tuwa | ing kita amusuh | iya dudu kang ayoga | sasat bapa dèn kita kala ing cili | kinêmpit alit mila || |
| 024.027 | lire kita aguru rama ji | mapan kita winuruk ing sastra | duk kala akèl balige | tatas suraosipun | nulya kita winuruk malih | karosan kadigdayan | para digbya luhung | kita malêbèng sêgara | datan têlês lir angambah ratan siti | kita abong tan pasah || |
| 024.028 | pan masalah kami dadi mantri | myang dipatya miwah dadi nata | pan wus winuruk kabèhe | wus atas jroning kalbu | marang kita ramanira ji | purwane kita digbya | sêkti ambêk sandu | punapa pamalês kita | maring sultan pan kita sampun asigih | mêngku rat bala dhomas || |
| 024.029 | Senapati Ingalaga nangis [[f. 124v]] | jroning nala dènira miyarsa | ya ta wirayat mangkene | kang paman Kyai Juru | Amartani wutah dira ngling | Senapati Ngalaga | marêpa[4] tumukul | angrasa yèn kalêrêsan | yèn sumili[5] Senapati ing Matawis | age sira dèn mojar || |
| 024.030 | paman Kyai Juru Amartani | ing rèh pêkênira kadyaparan | kang pundi yoga ingage | kunêng wong dadi ratu | dening lumuh ulun puniki | seba ing Sultan Pajang | sakarsane ulun | têtêpa anèng Mataram | takèng[6] line[7] tumuruna sutèng mami | myang putu buyut canggah || |
| 024.031 | Kyai Juru Amartani angling | dèn wruh tugalira kang sinêmbah | apan iku kajatène | yoganira puniku | nênêdhaa dipun atiti | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | ing gusti lawan kawula | kanyataan kawula kalawan gusti | lir satu lan rimbagan || |
| 024.032 | yèn wus nyata tingaling Yyang Widi | pan têdhanên nagara ing Pajang | idhêpa ing kita kabèh | sakèhing para ratu | mapan kita dadia aji | sumiliha ing Pajang | gampangêna iku | pitanên[8] maring Yyang Sukma | têmên-têmên idhêp paraning atugil | gusti lawan kawula || |
| 024.033 | kaping kalih pintanên ing aji | maring ramanira kang sinêmbah | dipun waspada tingale | atampia ing kawruh | silanira ing myang pangaksi | dening sri naranata | lah êndi [[f. 125r]] pukulun | punapa nalikanira | laku ligih solah mona lawan muni | tan kengang pisahêna || |
137–138 dari 856
| 1 | yayah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.138, Pupuh 24.24.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.25.9). (kembali) |
| 2 | Bandingkan: mungsuh yayah rasa tan ana madhani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.25.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.25.9). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata: apan ta ulun purun. Bandingkan: apan wani ing ulun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.26.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.26.4). (kembali) |
| 4 | mangrêpa (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.30.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.30.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.31.7). Bandingkan: angrêpa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.28.7). (kembali) |
| 5 | Bandingkan: sumilih (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.30.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.30.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.31.9; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.28.9). (kembali) |
| 6 | têkèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.29.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.32.9). (kembali) |
| 7 | lina. Bandingkan: lena (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.29.9). (kembali) |
| 8 | pintanên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.139, Pupuh 24.32.8; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.31.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.34.8). (kembali) |