Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
24 dari 170
138–139 dari 856
1.373–1.382 dari 8.560
024.028 pan masalah kami dadi mantri | myang dipatya miwah dadi nata | pan wus winuruk kabèhe | wus atas jroning kalbu | marang kita ramanira ji | purwane kita digbya | sêkti ambêk sandu | punapa pamalês kita | maring sultan pan kita sampun asigih | mêngku rat bala dhomas ||
024.029 Senapati Ingalaga nangis [[f. 124v]] | jroning nala dènira miyarsa | ya ta wirayat mangkene | kang paman Kyai Juru | Amartani wutah dira ngling | Senapati Ngalaga | marêpa[1] tumukul | angrasa yèn kalêrêsan | yèn sumili[2] Senapati ing Matawis | age sira dèn mojar ||
024.030 paman Kyai Juru Amartani | ing rèh pêkênira kadyaparan | kang pundi yoga ingage | kunêng wong dadi ratu | dening lumuh ulun puniki | seba ing Sultan Pajang | sakarsane ulun | têtêpa anèng Mataram | takèng[3] line[4] tumuruna sutèng mami | myang putu buyut canggah ||
024.031 Kyai Juru Amartani angling | dèn wruh tugalira kang sinêmbah | apan iku kajatène | yoganira puniku | nênêdhaa dipun atiti | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | ing gusti lawan kawula | kanyataan kawula kalawan gusti | lir satu lan rimbagan ||
024.032 yèn wus nyata tingaling Yyang Widi | pan têdhanên nagara ing Pajang | idhêpa ing kita kabèh | sakèhing para ratu | mapan kita dadia aji | sumiliha ing Pajang | gampangêna iku | pitanên[5] maring Yyang Sukma | têmên-têmên idhêp paraning atugil | gusti lawan kawula ||
024.033 kaping kalih pintanên ing aji | maring ramanira kang sinêmbah | dipun waspada tingale | atampia ing kawruh | silanira ing myang pangaksi | dening sri naranata | lah êndi [[f. 125r]] pukulun | punapa nalikanira | laku ligih solah mona lawan muni | tan kengang pisahêna ||
024.034 lamun isun asebaa isin | maring Pajang mintaa nêgara | têdhanên têka ing kene | dene wo[6] parêkipun | lamun nyata wadya myang gusti | adoh tanpa wangênan | apêrêk puniku | datan agêpok sarira | kanyataan lir syara kalawan muni | pracina dadi nata ||
024.035 mapan nyata lah Ki Senapati | sampun nugil rasa lawan sultan | sakuthu tugal titise | yèn têrkane ing ulun | lamun sultan dhatêng ing lalis | ing panjênênganira | amangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | agêntosi panjênênganira aji | tan liyan saking kita ||
024.036 nadyan kathah putrane sang aji | nora nana kita kang atuwa | kinêmpit alit milane | kang dadi manahipun | nanging kita ramanira ji | kang dadi pangauban | sakèh ikang sunu | sultan cahyane nurbuat | wus angalih marang kita wus pinasthi | agêntosi ing sultan ||
024.037 lah Senapati pan uwis olih | kita ujaring patang prakara | sihira ing wong tuwane | padha sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satugal | yakti datan wurung | gènira jumênêng nata | nganti saat [[f. 125v]] pêlêkên maring Yyang Widi | dèn asru brăngta ing Yang ||
138–139 dari 856

 


1 mangrêpa (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.30.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.30.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.31.7). Bandingkan: angrêpa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.28.7). (kembali)
2 Bandingkan: sumilih (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.30.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.30.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.31.9; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.28.9). (kembali)
3 têkèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.29.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.32.9). (kembali)
4 lina. Bandingkan: lena (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.29.9). (kembali)
5 pintanên (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.139, Pupuh 24.32.8; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.31.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.34.8). (kembali)
6 doh (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.33.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.36.4; Ajisaka, Salamun, Pupuh 11.24.4). (kembali)