Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
24 dari 170
137–138 dari 856
1.365–1.374 dari 8.560
024.020 adipati ing Bantên kêkasih | pintung[1] èwu wong Mataram dhomas | kèhira wadyabalane | wêsi karyanên balung | pan têmbaga karyanên kulit | apan otota kawat | gêgala [[f. 123v]: gêga...la] kang susum | tan wande rêmuk kang dhomas | ginarumung dening wadya Pajang nênggih | pan kalah ikang dhomas ||
024.021 lir atiga[2] sela ikang ngapit | wong Mataram upama atigan | wadya ing Pajang selane | apan kalah kang têlu | ulun karya upama malih | duryan wadya ing Pajang | wong dhomas lir timun | sayêkti măngsa mênanga | ikang timun yakti duryane nindhihi | duryan pasthi kang mênang ||
024.022 lirna sasi wadya ing Matawis | lirna surya wadyabala Pajang | ing raina mijil age | sasi kucêm dinulu | marang ika ngujala sasi | dene ujalan surya | apadhang dinulu | lir apining wong Mataram | wong ing Pajang lir udan saking ing langit | gêni pasthine sirna ||
024.023 kadipundi lah Ki Senapati | ênggènira musuh Sultan Pajang | kita uga ing dhèwèke | ngandêlakên yèn têguh | rasanira dadya lan sêkti | têmpuh pupuh wak kita | myang ketara[3] bau | myang ramanira sang nata | ulun iki aku ta merang ningali | ngamuka mantri Pajang ||
024.024 mandahane kapirsaa aglis | dening ratu nênggih tanah sabrang | kang sêngit diguyu mangke | dening musuh sakuthu | yakti nêrka liyan narpati | Senapati Ngalaga | ènthèng bobotipun [[f. 124r]: bobot...ipun] | katuju wania aprang | musuh yaya[4] angrasa tanna madhani |[5] musuh suta myang bapa ||
024.025 pangrasane atinisun iki | lamun kita musuha wong liyan | sapuluh Pajang gêdhene | apan ta uulun purun |[6] pan sajagat kêbêka iki | mapan barênga mara | wus pantês wong jalu | uga mijila ing rana | ginarumung tinub ing sanjata bêdhil | suligi lêmbing panah ||
024.026 pakanira lah Ki Senapati | lamun kita musuh Sultan Pajang | têlung prakara inane | dhingin musuh ing guru | kaping kalih musuh ing gusti | kaping tiga wong tuwa | ing kita amusuh | iya dudu kang ayoga | sasat bapa dèn kita kala ing cili | kinêmpit alit mila ||
024.027 lire kita aguru rama ji | mapan kita winuruk ing sastra | duk kala akèl balige | tatas suraosipun | nulya kita winuruk malih | karosan kadigdayan | para digbya luhung | kita malêbèng sêgara | datan têlês lir angambah ratan siti | kita abong tan pasah ||
024.028 pan masalah kami dadi mantri | myang dipatya miwah dadi nata | pan wus winuruk kabèhe | wus atas jroning kalbu | marang kita ramanira ji | purwane kita digbya | sêkti ambêk sandu | punapa pamalês kita | maring sultan pan kita sampun asigih | mêngku rat bala dhomas ||
024.029 Senapati Ingalaga nangis [[f. 124v]] | jroning nala dènira miyarsa | ya ta wirayat mangkene | kang paman Kyai Juru | Amartani wutah dira ngling | Senapati Ngalaga | marêpa[7] tumukul | angrasa yèn kalêrêsan | yèn sumili[8] Senapati ing Matawis | age sira dèn mojar ||
137–138 dari 856

 


1 pitung. (kembali)
2 antiga (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.22.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.22.1). Bandingkan: antigan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.23.1). (kembali)
3 kantara. Bandingkan: akantar (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.24.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.24.7). (kembali)
4 yayah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.138, Pupuh 24.24.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.25.9). (kembali)
5 Bandingkan: mungsuh yayah rasa tan ana madhani (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.25.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.25.9). (kembali)
6 Lebih satu suku kata: apan ta ulun purun. Bandingkan: apan wani ing ulun (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.26.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.26.4). (kembali)
7 mangrêpa (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.30.7; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.30.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.31.7). Bandingkan: angrêpa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.28.7). (kembali)
8 Bandingkan: sumilih (dan di tempat lain) (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.30.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.30.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.31.9; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.28.9). (kembali)