Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
24–25 dari 170
138–139 dari 856
1.380–1.389 dari 8.560
| 024.035 | mapan nyata lah Ki Senapati | sampun nugil rasa lawan sultan | sakuthu tugal titise | yèn têrkane ing ulun | lamun sultan dhatêng ing lalis | ing panjênênganira | amangku kaprabun | yakti anak kang atuwa | agêntosi panjênênganira aji | tan liyan saking kita || |
| 024.036 | nadyan kathah putrane sang aji | nora nana kita kang atuwa | kinêmpit alit milane | kang dadi manahipun | nanging kita ramanira ji | kang dadi pangauban | sakèh ikang sunu | sultan cahyane nurbuat | wus angalih marang kita wus pinasthi | agêntosi ing sultan || |
| 024.037 | lah Senapati pan uwis olih | kita ujaring patang prakara | sihira ing wong tuwane | padha sabdaning guru | kaping tiga sabdaning gusti | mapan dadi satugal | yakti datan wurung | gènira jumênêng nata | nganti saat [[f. 125v]] pêlêkên maring Yyang Widi | dèn asru brăngta ing Yang || |
| 25. Asmaradana | |
| [Sénapati Ingalaga saben dintenipun bujana andrawina.[1]] | |
| 025.001 | ing wau ikang winarni | Senapati Ingalaga | ing Mataram karatone | agung mangan nginum ika | latri anutug siyang | mantri majêgan winuwus | wolung èwu kathahira || |
| 025.002 | sami liwat ing Matawis | karsane padha aseba | ngaturkên bulupêktine | maring jêng sultan ing Pajang | Senapati Ngalaga | ya ta angandika arum | lah sakèh mantri majêgan || |
| 025.003 | mandhêga kene kariyin | payo mangan nginum iya | sabên dina ulun ingong | anyêkêl kidang manjangan | sun karya lêlawuhan | miwah buron banthèng iku | lan maesa minda kidang || |
| 025.004 | lawan kancil ulam kali | tămbra ulaming paraga | mantri binusanan kabèh | ikang pantês binasanan | paman pinaman-paman | ikang apantês sinunu | iya binasanan anak || |
| 025.005 | ikang pantês dèn basani | kakang pan binasan kakang | pantês basa uwa mangko | sami binasanan uwa | dadya suyud sih marma | para garwane winuwus | Senapati ingandikan || |
| 025.006 | pan kinèn bêdhaya sami | egal kabèh sampun prapta | jamang mas kêkalung kaot | gêlang kana êmêr mêkak | kilatbahu kancana [[f. 126r]: kanca...na] | asêkang mawi panugul | itên cinawi tur endah || |
| 025.007 | makucêm surya lan sasi | marang ing ujalèng rêtna | majêgan manah jrih kabèh | ningali kang para garwa | dening rumakêt basa | paluguhira mabukuh | padha rêp konjêm pratala || |
138–139 dari 856
| 1 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.140. (kembali) |