Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
24 dari 170
136 dari 856
1.351–1.360 dari 8.560
024.006 Sultan Pajang ratu digbya sêkti | manahira nênggih sêmu duka | muluk salab kahanane | jalma akên puniku | kapyan kagyat sajroning ati | dening miyarsa ujar | sira sang pukulun | kang wadya matur sadaya | hèh sang nata kawula miyarsa warti | Risang Sutawijaya ||
024.007 kunêng kang tansah ingaji-aji | karsa balik malah sampun nyithak | akarya kitha arahe | binacingah puniku | Sultan Pajang sigra dènnya ngling | Ngabèi Wilamarta | lan Wuragil iku | sira maringa Mataram | dèn waspada satikah polahe ugi | Risang Sutèngwijaya ||
024.008 dutanira karya angatuti | angusapi lêbu ing sukunya | sang duta mêsat sira ge | anitih kuda mamprung | mring Mataram Ki Senapati | sunya anèng Lipura | duta karya nusul | ing Lipura sigra prapta | Senapati gènnya apanggih anitih | ing kuda acalana [[f. 122r]: a...calana] ||
024.009 Kyai Gêdhe Wuragil sigra ngling | Angabèi Wilamarta nêdha | mudhuna sing kuda age | nimbalakên pamuwus | Sultan Pajang mring Senapati | Ngabèi Wilamarta | sigra dènnya muwus | Ki Gêdhe Wuragil ika | jêngandika arsa mudhun saking wajik | Senapati Ngalaga ||
024.010 maksih magung anugang ing taji | jêngandika dutane jêng sultan | yakti kasor ing tandange | dening mudhun karuwun | saking taji kang dèn timbali | maksih anugang jaran | jêngandika iku | nora beda lawan sultan | kang akokon sarupanya duta sigih | dipun roro satugal ||
024.011 Senapati Ingalaga angling | hèh Wuragil lawan Wilamarta | ragane sira kinèkèn[1] | duta karo amuwus | dahat ulun duta rama ji | angêmban pangandika | rining sang aulun | mangan nginum marènana | asebaa maring Pajang dipun aglis | myang kita akurèsa ||
024.012 duta karo sinauran aglis | Senapati maksih nugang jaran | matura ing sultan age | aseba ulun besuk | lamun sultan amêmagani | angalap gurtanira[2] | lawan garwanipun | mangan nginum mula kinon [[f. 122v]: kino...n] |[3] mêmarèni apan kêna ulun maksih | doyan nginum mêmangan ||
024.013 ulun kinèn akurisa iki | dening sultan akaryaa paras | tuwuh lan karêpe dhewe | pêgene ya cinukur | malah sêdya ulun puniki | têka para matura | maring sang aulun | yèn mêngkono ujar iwang | duta karo Wilamarta myang Wuragil | amit mulih mring Pajang ||
024.014 sigra lampahira nulya prapti | pan tumamèng sira ngabyantara | cundhuk lawan sultan age | nêmbah ngusapi lêbu | ing sukunya nulya aligih | tumukul myang ngarêpan | ling duta sang prabu | agèr pun Sutawijaya | pan ubanggi ing ulun kinèn rumiyin | lumampah anèng wutat ||
024.015 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Senapati ika | risêdhêng ana dalême | lawan Kiyai Juru | Amartani sigra dènnya ngling | Senapati Ngalaga | kadyaparan iku | rèh andika iku nyawa | nora mangkat ingandikan ing rama ji | tan wande mêmusuhan ||
136 dari 856

 


kinèngkèn (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.137, Pupuh 24.11.3; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.12.3). (kembali)
Bandingkan: sutanira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.13.6). (kembali)
Biasanya guru lagu a. Bandingkan: mangan nginum sun ingatag (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.13.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.13.8; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.13.8); mangan nginum kinèn bucal (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.7.8); mangan nginum kinon bucal (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.6.8). (kembali)