Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
26 dari 170
142–143 dari 856
1.413–1.422 dari 8.560
| 026.015 | witang[1] ika sigra dènnya angling | wruhanira jênêng isun witang | awêwarah sira age | dene sira anêkung | asêmadi samada[2] êning | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | uwus sêdhêng marènana | ge muliha kang sira sêdya wus kêni | subrata mati raga || |
| 026.016 | mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | dadya sêkti pukulun | para ratu ing nusa Jawi | kalah duta sadaya | prasamya anungkul | tumêka ing sutanira | miwah putu jumênêng Ratu Matawis | Jawa tanpa sisihan || |
| 026.017 | buyutira jumênêng nrêpati | ing Mataram suka myang wibawa | sugih êmas sêlakane | salaka picisipun | amêkasi dadi nrêpati | nagranira sadaya | myang lintang kumukus | grahana sasi myang surya | gugur gunung udan awu myang karikil | prabawane nêgara || |
| 026.018 | nulya witang sirna mring wiyati | dèn sumili [[f. 129r]] Senapati ika | baya prapta ing wadine | ulun mangku kaprabun | têkèng suta myang putu mami | buyut jumênêng nata | Ratu Jawa nungkul | ulun dilah Ratu Jawa | pan sumili jênêngira rama aji | sultan ing Pajang sirna || |
| 026.019 | Kyai Juru Amartani angling | lah Ki Senapati Ingalaga | aja ujub myang riyane | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang durung jati | bejang têka saksana | sira manggih musuh | satêngahirèng payudan | kaya priye ujar witang iku kaki | kaya payo pagiha || |
| 026.020 | kadipundi rèhira ngandêl ing | ujar witang pan dudu manusya | ewuh sira kêl ilate |[3] nora kêna ginugu | lamun sira ta dèn cidrani | pae padha manusya | pasthi yèn katêmu | dening samya-samya jalma | rèh supêna jasad arane puniki | wênang dudu lan iya || |
| 026.021 | risaksana yèn prapta ing jurit | nora wurung ulun lawan kita | kapanggih ing payudane | kala mênange iku | pasthi kita kalawan mami | kalakona ayuda | yaktia pukulun | pasthi jumênêng narendra | ing Mataram yèn kalah sira ajurit | pasthi dadi boyongan || |
| 026.022 | Senapati sandeya ing ati | amiyarsa tuture kang paman | Ki Juru Martani age | Senapati sumaur | kadipundi [[f. 129v]: kadi...pundi] rèh kita iki | ulun kang parerehan | sakarsane anut | ing saparipolah kita | ulun mapan dadia ulun sawiji | cara sarêm sarêmbat || |
| 026.023 | Kyai Juru Amartani angling | yèn sêmbada lawan pêkênira | ana ujaring dalile | lah Pangeran Kang Agung | gampangêna ulun puniki | sakèhe kang sinêdya | kang angèl puniku | dhasare anêru brăngta | anjarsari[4] ikang dèn pêlêng Yyang Widi | lah nêdha linakonan || |
| 026.024 | ulun mugah ing gunung Marapi | pêkênira mringa jro sagara | têdhanên ing Alah age | nyatakêna ing kayun | ing gampange maring Yyang Widi | lah nêdha sarêng mintar | karya pan tumanduk | Senapati Ingalaga | ngetan bênêr manjing wana nuli prapti | ambyur ing Kali Upak || |
142–143 dari 856
| 1 | wintang (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.15.1). Bandingkan: lintang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.74.1). (kembali) |
| 2 | samadi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.74.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.86.5). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: ewuh sira kêlilate (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.144, Pupuh 26.20.3); ewuh cinêkêl ilate (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.86.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.86.3). (kembali) |
| 4 | Bandingkan: anjur sari (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.94.9). (kembali) |