Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
26 dari 170
141–142 dari 856
1.408–1.417 dari 8.560
| 026.010 | Senapati lir anugang èsthi | kapya usung[1] sela lawan gajah | pandhan rakang[2] ing têpine | lir palana [[f. 128r]: pa...lana] dinulu | pandhan ika rêmu aputih | minăngka gadhingira | katustha ing banyu | Senapati apan wus srêh |[3] nulya guling luhuring gêgilang adi | tan ana kang pracaya || |
| 026.011 | kocapa Kyai Juru Martani | anèng wisma tan eca anendra | ing wayah têngah dalune | datan kêna aturu | nulya kesah dhatêng jro puri | kandhêg jawining lawang | ngandika Ki Juru | hèh jalma kang tugu lawang | sutèng ulun Senapati ana ligih | umatur ulun seba || |
| 026.012 | punang regol nulya matur angling | Kyai Juru wau sutanira | ămba tan wikan parane | sawusipun anginum | lawan sagunging para mantri | pamajêgan punika | sampun sami mantuk | saukure mantrinira | sarêng surup yyang kara căndra gumanti | wulan sêdhêng purnama || |
| 026.013 | Kyai Juru widadya ing wadi | mapan wikan parane kang putra | apan dèn susul ciptane | wayahe lisir[4] dalu | pan tumanduk lir kilat thathit | sakêdhap nuli prapta | ing pura jinujug | nulya sarêng kapaguhan | Kyai Juru Senapati pan aguling | mugèng sela gêgilang || |
| 026.014 | Kyai Juru Amartani angling | dipun gugah Senapati ika | atangia [[f. 128v]: atang...ia] dipun age | apa ana ing luhur | gènnya guling katbuta iki | Senapati Ngalaga | kagyat sira wungu | amulat tumuli mojar | apa sira mancarong ing luhur mami | satuwuk dèrèng wikan || |
| 026.015 | witang[5] ika sigra dènnya angling | wruhanira jênêng isun witang | awêwarah sira age | dene sira anêkung | asêmadi samada[6] êning | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | uwus sêdhêng marènana | ge muliha kang sira sêdya wus kêni | subrata mati raga || |
| 026.016 | mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | dadya sêkti pukulun | para ratu ing nusa Jawi | kalah duta sadaya | prasamya anungkul | tumêka ing sutanira | miwah putu jumênêng Ratu Matawis | Jawa tanpa sisihan || |
| 026.017 | buyutira jumênêng nrêpati | ing Mataram suka myang wibawa | sugih êmas sêlakane | salaka picisipun | amêkasi dadi nrêpati | nagranira sadaya | myang lintang kumukus | grahana sasi myang surya | gugur gunung udan awu myang karikil | prabawane nêgara || |
| 026.018 | nulya witang sirna mring wiyati | dèn sumili [[f. 129r]] Senapati ika | baya prapta ing wadine | ulun mangku kaprabun | têkèng suta myang putu mami | buyut jumênêng nata | Ratu Jawa nungkul | ulun dilah Ratu Jawa | pan sumili jênêngira rama aji | sultan ing Pajang sirna || |
| 026.019 | Kyai Juru Amartani angling | lah Ki Senapati Ingalaga | aja ujub myang riyane | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang durung jati | bejang têka saksana | sira manggih musuh | satêngahirèng payudan | kaya priye ujar witang iku kaki | kaya payo pagiha || |
141–142 dari 856
| 1 | ngusung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.10.2). (kembali) |
| 2 | rangkang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.75.3). (kembali) |
| 3 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: srah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.10.8). (kembali) |
| 4 | lingsir (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.13.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.84.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.78.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.78.4). (kembali) |
| 5 | wintang (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.15.1). Bandingkan: lintang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.74.1). (kembali) |
| 6 | samadi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.74.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.86.5). (kembali) |