Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 170
142 dari 856
1.411–1.420 dari 8.560
026.013 Kyai Juru widadya ing wadi | mapan wikan parane kang putra | apan dèn susul ciptane | wayahe lisir[1] dalu | pan tumanduk lir kilat thathit | sakêdhap nuli prapta | ing pura jinujug | nulya sarêng kapaguhan | Kyai Juru Senapati pan aguling | mugèng sela gêgilang ||
026.014 Kyai Juru Amartani angling | dipun gugah Senapati ika | atangia [[f. 128v]: atang...ia] dipun age | apa ana ing luhur | gènnya guling katbuta iki | Senapati Ngalaga | kagyat sira wungu | amulat tumuli mojar | apa sira mancarong ing luhur mami | satuwuk dèrèng wikan ||
026.015 witang[2] ika sigra dènnya angling | wruhanira jênêng isun witang | awêwarah sira age | dene sira anêkung | asêmadi samada[3] êning | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | uwus sêdhêng marènana | ge muliha kang sira sêdya wus kêni | subrata mati raga ||
026.016 mapan sira jumênêng Matawis | dadi nata amêngku rat Jawa | sineba ing ratu kabèh | dadya sêkti pukulun | para ratu ing nusa Jawi | kalah duta sadaya | prasamya anungkul | tumêka ing sutanira | miwah putu jumênêng Ratu Matawis | Jawa tanpa sisihan ||
026.017 buyutira jumênêng nrêpati | ing Mataram suka myang wibawa | sugih êmas sêlakane | salaka picisipun | amêkasi dadi nrêpati | nagranira sadaya | myang lintang kumukus | grahana sasi myang surya | gugur gunung udan awu myang karikil | prabawane nêgara ||
026.018 nulya witang sirna mring wiyati | dèn sumili [[f. 129r]] Senapati ika | baya prapta ing wadine | ulun mangku kaprabun | têkèng suta myang putu mami | buyut jumênêng nata | Ratu Jawa nungkul | ulun dilah Ratu Jawa | pan sumili jênêngira rama aji | sultan ing Pajang sirna ||
026.019 Kyai Juru Amartani angling | lah Ki Senapati Ingalaga | aja ujub myang riyane | tan wênang ujar luput | amasthèkkên kang durung jati | bejang têka saksana | sira manggih musuh | satêngahirèng payudan | kaya priye ujar witang iku kaki | kaya payo pagiha ||
026.020 kadipundi rèhira ngandêl ing | ujar witang pan dudu manusya | ewuh sira kêl ilate |[4] nora kêna ginugu | lamun sira ta dèn cidrani | pae padha manusya | pasthi yèn katêmu | dening samya-samya jalma | rèh supêna jasad arane puniki | wênang dudu lan iya ||
026.021 risaksana yèn prapta ing jurit | nora wurung ulun lawan kita | kapanggih ing payudane | kala mênange iku | pasthi kita kalawan mami | kalakona ayuda | yaktia pukulun | pasthi jumênêng narendra | ing Mataram yèn kalah sira ajurit | pasthi dadi boyongan ||
026.022 Senapati sandeya ing ati | amiyarsa tuture kang paman | Ki Juru Martani age | Senapati sumaur | kadipundi [[f. 129v]: kadi...pundi] rèh kita iki | ulun kang parerehan | sakarsane anut | ing saparipolah kita | ulun mapan dadia ulun sawiji | cara sarêm sarêmbat ||
142 dari 856

 


lingsir (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.13.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.84.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.78.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.78.4). (kembali)
wintang (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.15.1). Bandingkan: lintang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.74.1). (kembali)
samadi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.74.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.86.5). (kembali)
Bandingkan: ewuh sira kêlilate (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.144, Pupuh 26.20.3); ewuh cinêkêl ilate (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.86.3; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.86.3). (kembali)