Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 170
140–141 dari 856
1.399–1.408 dari 8.560
26. Dhandhanggula
[Sénapati Ingalaga angsal wawarah bilih ing tembé, Sénapati Ingalaga lan saturun-turunipun badhé jumeneng nata ing Mataram. Sénapati Ingalaga mlebet segara Kidul.[1]]
026.001 kang mantri bêksa kagiri-giri | abêk[2] karang abêk gèri[3] gadha |[4] tan manah ing tulungane | malah kalakung purun | rêbah biting pan tibèng dhacin | mantri dire arèsa |[5] sêdhênge gul-agul | tan wruh ing ari sinaga[6] | karatala lir kapuk salămba sigih | ngibêrakên ing tawang ||
026.002 kadi rupa alap-alap sami [[f. 127r]] | tiningalan pan katon saalab | tan antara mudhun age | pan sinăngga ing gundhul | pan tinundha sinăngga gigir | rame dènnya bêbêksan | ana umbul watu | ana nyudhang lêsung ika | tinitihan jalma akèh kadi titir | lir palya nèng sêgara ||
026.003 kang kalaganjur binasan kêris | myang landheyan lawan bêksa panah | ana ikang bêksa tamèng | ingumbulakên muluk | pan tinundha sinăngga gigir | myang tinadhahan dhadha | ing pupu atêguh | lawan tinadhahan netra | amrang lêngên ana urêk netranèki | pupu têguh tinatah ||
026.004 tandangira alyir banthèng kanin | para tantang lawan para campah | landheyan ingugêr age | waosira sinêpuh | duk dinadêl[7] tan kêna lungit | sasat wayang-wayangan | pan ilap tan tuhu | cinane ayun lêmbaka | tumbak kêris têmên-têmên tan nêdhasi | maring jatining jalma ||
026.005 mantri esya pan kagiri-giri | mapan ulun ajanana aprang | wong Mataram sakêbake | wadyanira pan purun | yadyan musuhêna rama ji | yèn kita ajanana | ulun datan takut | nadyan tangkêpa salêksa | dêdamêle ing Pajang ulun tan gisir | saking sihnya rumêksa ||
026.006 tat kayar ing ranga uni-uni |[8] kapaguhan mantri pamajêgan | rèhakên bulupêktine [[f. 127v]: bu...lupêktine] | kapangguh ta ing ênu | nênggih tita tan agêsêngi[9] | kaprayogan anênga | kita tan kapangguh | adipati kang tinatah | saliring rat ing pamajêgan pan uni | dening tapaning tahan ||
026.007 pan sakèhing bulupêkti sami | sampun kasrah marang ki patikbra | tan ana ing sadoane |[10] Mataram ratu agung | pan nêgara ing têpis wiring | sami seba sadaya | maring sang aprabu | dèn kita lumampah jaga | mangke iki ikang yoga anampani | kang sinêmbah ngalaga ||
026.008 kunêng ulun iki arsa êning | dukanira sang nata ing Pajang | piyandêl dalêm agêdhe | karsanira sang prabu | sakathahe wus anèng kami | lamun sira akarsa | jumênêng tumênggung | kang maksih ligih walulang | miwah menda kang karsa aligih lampit | mapan isun winênang ||
026.009 nulya aluwaran Senapati | sakathahe mantri Pamajêgan | kabèh mulih ing pondhoke | sa yyang surya mèh surup | Senapati kesah sira glis | ingiring wong lêlima | ing pura jinujug | ana watu kumalasa | kaparnata naga tita kaprayogi | wau mênga dèn egah[11] ||
026.010 Senapati lir anugang èsthi | kapya usung[12] sela lawan gajah | pandhan rakang[13] ing têpine | lir palana [[f. 128r]: pa...lana] dinulu | pandhan ika rêmu aputih | minăngka gadhingira | katustha ing banyu | Senapati apan wus srêh |[14] nulya guling luhuring gêgilang adi | tan ana kang pracaya ||
140–141 dari 856

 


1 Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.142. (kembali)
2 ambêk (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.142, Pupuh 26.1.2). (kembali)
3 gora (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.57.2). (kembali)
4 Bandingkan: anglêngkara ambêk gora gadha (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.2). (kembali)
5 Bandingkan: mantrinira arosa (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.51.6). (kembali)
6 sinangga (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.142, Pupuh 26.1.8). (kembali)
7 dinêdêl (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.58.5; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.58.5; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.54.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.60.5). (kembali)
8 Bandingkan: tat kalayar ingkang nguni-uni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.57.1). (kembali)
9 anggêsêngi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.142, Pupuh 26.6.5). (kembali)
10 Bandingkan: nagara pan sandeane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.58.3). (kembali)
11 Bandingkan: sênggah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.9.10). (kembali)
12 ngusung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.10.2). (kembali)
13 rangkang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.75.3). (kembali)
14 Biasanya guru lagu a. Bandingkan: srah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.10.8). (kembali)