Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 170
143–144 dari 856
1.427–1.436 dari 8.560
026.029 Senapati angèli ing kali | mapan kandhêg anèng ing sawangan | ngadêg samodra pigire | ambak[1] sagara kidul | tri gumuruh kang giri-giri | gurnita kadi gêlap | gêdhene sagunung | tan owah ing warnanira | sabdanya was Senapati masu kapti | tan ana kasikaban[2] ||
026.030 Senapati tarkanira êni[3] | malêbua sajroning samodra | nyata owah ing awane | Senapati manêngkung | umung ngasês[4] bayu badra si | sira mring akèh sêmpal | ikang punang kayu | pan agêng ikang prabawa | sagaranya gumatêr[5] [[f. 130v]: gu...matêr] awêdi gêni | panas lir raditya gilap |[6]|
026.031 sagunging mina sêgara nênggih | samya katêmpuh ing gara-gara | mina sagunung gêdhene | mina akèh kumubu[7] | padha gêsêng ana ing kisik | buntak lawan balanak | ing parang kabêntus | malêtuk kutuk sumirat | saking tutuk ludiranya adrês mijil | tiningalan kotbuta ||
026.032 mina pêsut myang lêburan kikin | gajah mina upama prawata | kagiri-giri gêdhene | padha malêbèng apu | ing samodra toya lir api | pêjah mina sadaya | nênggih mawanipun | ya ta sakèhing wuyutan | padha gêla sigêgên saking pratiwi | sudira tan darana ||
026.033 gurnitanya pan kagiri-giri | toya migah ngigiling prawata | gumuruh awor minane | kagyat kanggêg Ni Kidul | masilare kathila manik | sigra migu[8] marêga |[9] dènira aluguh | dening naga kang malaya | matuanan atakut sira ningali |[10] tasik migah prawata ||
026.034 Nyai Kidul sigra dènnya angling | salawase ulun dèrèng mulat | gara-gara kang mêngkene | dening kalintang agung | lir kinêbur sagara bahning | mina akathah pêjah | apa bawanipun | pan darbenira sadaya | apan anut sakarsanira puniki | jim lawan parayangan ||
026.035 parayangan balanira êjim | ngalahakên musuhira aprang | tuwan dadi [[f. 131r]: da...di] ratu gêdhe | bapa babuning ratu | nanging tuwan ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | trêping manahipun | amirsakên aturira | Nyai Kidul anêrka yèn Mangkubumi | prabu tanpa sisihan ||
026.036 Senapati Ngalaga ningali | têtamanan balene kancana | ing nguni ika purwane | bale ikang rinêbut | dening Gathotkaca ajurit | ana ing awang-awang | bale iku runtuh | tumiba maring samodra |[11] gih puniku kang tinugu dening nyai | saba ujyalèng pura ||
026.037 ataruka palya kang kinardi | sinaberan[12] manit mutyahara |[13] căndrakasta lèn marjane | widuri pagêripun | ramya ikang rêngganing puri | têpis wiring pranenya | lir kancana murub | mugèng ing langit punika | yèn minulat dening ta ulane manik | abyor itên kumala ||
026.038 gapuranya agêng tur aigil | pucaknya mancinawi sêsotya | itên abra ujalane | sor baskara akucup | ujalanya akucêm maring | mulya lagêng raina | endah sotya murub | kinubêngan pêpêthetan | apan asri akathah lamun winarni | ibra puspita mêkar ||
143–144 dari 856

 


ombak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.144, Pupuh 26.29.4). Bandingkan: olor (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.95.4); alun (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.100.4). (kembali)
kasingkaban (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.145, Pupuh 26.29.10). (kembali)
êning. (kembali)
ngêsês. (kembali)
gumêtêr. (kembali)
Lebih satu suku kata: panas lir ditya gilap. (kembali)
kumumbu (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.145, Pupuh 26.31.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.97.4). (kembali)
minggu. (kembali)
Bandingkan: sigra manggung mangrênggang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.101.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.100.6; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.92.6). (kembali)
10 Bandingkan: mêtu anon atakut sira ningali (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.101.9); gya tumurun ngungun dènira ningali (Ajisaka, Salamun, Pupuh 11.40.9). (kembali)
11 Gatra ini disisipkan di tepi halaman. Bandingkan: tiba têlênging samodra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.61.8; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.60.8). (kembali)
12 sinamberan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.145, Pupuh 26.37.2). (kembali)
13 Bandingkan: sinêbaran manik mutyahara (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.111.2). (kembali)