Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26 dari 170
144–145 dari 856
1.435–1.444 dari 8.560
026.037 ataruka palya kang kinardi | sinaberan[1] manit mutyahara |[2] căndrakasta lèn marjane | widuri pagêripun | ramya ikang rêngganing puri | têpis wiring pranenya | lir kancana murub | mugèng ing langit punika | yèn minulat dening ta ulane manik | abyor itên kumala ||
026.038 gapuranya agêng tur aigil | pucaknya mancinawi sêsotya | itên abra ujalane | sor baskara akucup | ujalanya akucêm maring | mulya lagêng raina | endah sotya murub | kinubêngan pêpêthetan | apan asri akathah lamun winarni | ibra puspita mêkar ||
026.039 witing kayu kancana winarni | gadhong sutra pangira salaka | barêng kêmbang lawan wohe | warnane wiji iku | patang puluh warnanya asri | noring kayu kancana | anijèni kayu | lêligihe parayangan | warnanira upama lir widadari [[f. 131v]: wida...dari] | lir pedah ing kasyargan ||
026.040 ikang kayu witing kayu siji | ana nyadham lan kamaropokan | ana pisah ing uwite | dèn warnanên kang runtuh | upamane lir lintang ngalih | sarinya alyir căndra | upamane mêndhung | kinubêngan ing bangawan | tur kèhe kang dhingin bangawan warih |[3] pindho bangawan puhan ||
026.041 kawarnaa kang sami aligih | akalihan anèng dalêm pura | ikang kinawi warnane | wau Nyai Ra Kidul | kadi widadari ing syargi | asor Dèwi Supraba | yèn upaminipun | parêkanipun kewala | yakti asor warnane kang widadari | ayu parêkanira ||
026.042 lawan cinatur ing kawi malih | Nyai Kidul ayu tan utama | salin ping pitu warnane | atêrkadhang yèn sêpuh | yèn sêpuh yèn sadhawuh amindha sasi |[4] kadhang yèn lisir wetan | warnane dinulu | kadi kusuma Ngurawan | lamun bêdhog amindha kusuma Ratih | ratu ayu ing syarga ||
026.043 lawan malih radidya asêkti | panjênêngan ratu jim wanodya | sagara kidul kuthane | ngêndi kang ora têluk | yèn lêlêmbut ing nusa Jawi | ratunipun aseba | mring sagara kidul | sami anungkul sadaya | sabên taun asrahakên bulupêkti | dhatêng kusuma rara ||
026.044 Ratu Lodaya sami anangkil | Ratu Gumara rêke aseba | nrahakên bulupêktine | Ratu Kuwu Baladhug | kabèh [[f. 132r]: ka...bèh] lamun sami anangkil | Tayu Landheyan seba | miwah Gunung Agung | ing Kangayangan aseba | Waringing Wak[5] miwah ta ratuning Paning | sabên taun aseba ||
026.045 Senapati cêngêng aningali | ing warnane ta kusuma rara | dadya micarèng driyane | tuhu ayu pinujul | sun watara rêtnaning puri | kaya nora pasaja[6] | tindak-tandukipun | tanapi yèn angandika | asung brăngta karya sumêlanging ati | kaduk raga kêrana ||
026.046 alir kilat abarung lan thathit | têmpuhing liring jalu wanodya | mênggah yèn dede jinise | nanging Nyai Ra Kidul | ana uga rasaning ati | Senapati Ngalaga | dinuk ing pandulu | liringe lir guladrawa | pasêmone kusuma agarit ati | kaya yèn kagiwanga ||
144–145 dari 856

 


sinamberan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.145, Pupuh 26.37.2). (kembali)
Bandingkan: sinêbaran manik mutyahara (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.111.2). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: catur kèhe kang dhingin bêngawan warih (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.64.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.114.9). (kembali)
Lebih tiga suku kata: yèn sadhawuh amindha sasi. (kembali)
Waringin Wak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.146, Pupuh 26.44.9). (kembali)
Bandingkan: prasaja (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.146, Pupuh 26.45.6). (kembali)