Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
26 dari 170
143–144 dari 856
1.430–1.439 dari 8.560
| 026.032 | mina pêsut myang lêburan kikin | gajah mina upama prawata | kagiri-giri gêdhene | padha malêbèng apu | ing samodra toya lir api | pêjah mina sadaya | nênggih mawanipun | ya ta sakèhing wuyutan | padha gêla sigêgên saking pratiwi | sudira tan darana || |
| 026.033 | gurnitanya pan kagiri-giri | toya migah ngigiling prawata | gumuruh awor minane | kagyat kanggêg Ni Kidul | masilare kathila manik | sigra migu[1] marêga |[2] dènira aluguh | dening naga kang malaya | matuanan atakut sira ningali |[3] tasik migah prawata || |
| 026.034 | Nyai Kidul sigra dènnya angling | salawase ulun dèrèng mulat | gara-gara kang mêngkene | dening kalintang agung | lir kinêbur sagara bahning | mina akathah pêjah | apa bawanipun | pan darbenira sadaya | apan anut sakarsanira puniki | jim lawan parayangan || |
| 026.035 | parayangan balanira êjim | ngalahakên musuhira aprang | tuwan dadi [[f. 131r]: da...di] ratu gêdhe | bapa babuning ratu | nanging tuwan ing tanah Jawi | Senapati Ngalaga | trêping manahipun | amirsakên aturira | Nyai Kidul anêrka yèn Mangkubumi | prabu tanpa sisihan || |
| 026.036 | Senapati Ngalaga ningali | têtamanan balene kancana | ing nguni ika purwane | bale ikang rinêbut | dening Gathotkaca ajurit | ana ing awang-awang | bale iku runtuh | tumiba maring samodra |[4] gih puniku kang tinugu dening nyai | saba ujyalèng pura || |
| 026.037 | ataruka palya kang kinardi | sinaberan[5] manit mutyahara |[6] căndrakasta lèn marjane | widuri pagêripun | ramya ikang rêngganing puri | têpis wiring pranenya | lir kancana murub | mugèng ing langit punika | yèn minulat dening ta ulane manik | abyor itên kumala || |
| 026.038 | gapuranya agêng tur aigil | pucaknya mancinawi sêsotya | itên abra ujalane | sor baskara akucup | ujalanya akucêm maring | mulya lagêng raina | endah sotya murub | kinubêngan pêpêthetan | apan asri akathah lamun winarni | ibra puspita mêkar || |
| 026.039 | witing kayu kancana winarni | gadhong sutra pangira salaka | barêng kêmbang lawan wohe | warnane wiji iku | patang puluh warnanya asri | noring kayu kancana | anijèni kayu | lêligihe parayangan | warnanira upama lir widadari [[f. 131v]: wida...dari] | lir pedah ing kasyargan || |
| 026.040 | ikang kayu witing kayu siji | ana nyadham lan kamaropokan | ana pisah ing uwite | dèn warnanên kang runtuh | upamane lir lintang ngalih | sarinya alyir căndra | upamane mêndhung | kinubêngan ing bangawan | tur kèhe kang dhingin bangawan warih |[7] pindho bangawan puhan || |
| 026.041 | kawarnaa kang sami aligih | akalihan anèng dalêm pura | ikang kinawi warnane | wau Nyai Ra Kidul | kadi widadari ing syargi | asor Dèwi Supraba | yèn upaminipun | parêkanipun kewala | yakti asor warnane kang widadari | ayu parêkanira || |
143–144 dari 856
| 1 | minggu. (kembali) |
| 2 | Bandingkan: sigra manggung mangrênggang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.101.6; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.100.6; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.92.6). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: mêtu anon atakut sira ningali (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.101.9); gya tumurun ngungun dènira ningali (Ajisaka, Salamun, Pupuh 11.40.9). (kembali) |
| 4 | Gatra ini disisipkan di tepi halaman. Bandingkan: tiba têlênging samodra (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.61.8; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.60.8). (kembali) |
| 5 | sinamberan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.145, Pupuh 26.37.2). (kembali) |
| 6 | Bandingkan: sinêbaran manik mutyahara (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.111.2). (kembali) |
| 7 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: catur kèhe kang dhingin bêngawan warih (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.64.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.114.9). (kembali) |