Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
26–27 dari 170
145–146 dari 856
1.444–1.453 dari 8.560
026.046 alir kilat abarung lan thathit | têmpuhing liring jalu wanodya | mênggah yèn dede jinise | nanging Nyai Ra Kidul | ana uga rasaning ati | Senapati Ngalaga | dinuk ing pandulu | liringe lir guladrawa | pasêmone kusuma agarit ati | kaya yèn kagiwanga ||
026.047 isun iki ratu ayu sigih | arsa wikan pasareyanira | apa ta baya rupane | rêtna ayu umatur | bok priyogi kula ngaturi | darma têngga kewala | ing sawarninipun | punika kagêngan tuwan | nulya wau sira Ki Senapati |[1] kinanthi mring paprêman ||
27. Kinanthi
[Sénapati Ingalaga pinanggih ratu Kidul.[2]]
027.001 kinanthi ing lampahipun | ya ta wau Senapati | dhumatêng ratu kusuma | prapta dalêm sampun ligih | Nyai Rara Kidul ika | kalawan Ki Senapati ||
027.002 kang kacipta manahipun | warnane dyah ayu luwih | ikang asung liring brăngta | Senapati Ingalagi | su rêmpu ing manahira | arum wijilira [[f. 132v]: wiji...lira] angling ||
027.003 Senapati wuwusipun | kalintang angasih-asih | amrih wêdhare kang karsa | paran polahku Sang Ratih | upami pisah lan sira | yèn nora para tambani ||
027.004 ing karsane manah isun | arsa mulih mring Matawis | lah agèr têka tulusa | ayya brăngta wuyung mami | mas ratu marang ing sira | sihira sun têdha gusti ||
027.005 krana lêstariya isun | gusti mulih mring Matawis | yya sumêlang mirah sira | priye ta tambane gusti | jênthike Ni Kidul sigra | dun[3] cinêkêl Senapati ||
027.006 arêrêpa Nyai Kidul | sampun gusti sampun gusti | kadêr ta arsa punapa | gumampang nêkêl dariji | dening ta daya gêlêma | Senapati lingnya manis ||
027.007 kadukan tampi mas ratu | lêlèpène sun tingali | angling sang kusuma rara | yèn têmên dika ningali | apan saking katêbihan | yaktine kadulu iki ||
027.008 dalahane uga iku | kang pinrih èsême ugi | iya ikang tiningalan | mila ta mêngkono ugi | Nyai Kidul aturira | mring Senapati awingit ||
145–146 dari 856

 


Kurang satu suku kata: anulya wau sira Ki Senapati. Bandingkan: Senapati astane nulya kinanthi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.71.9; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.70.9). (kembali)
Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.147. (kembali)
dan. (kembali)