Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
26–27 dari 170
145 dari 856
1.441–1.450 dari 8.560
| 026.043 | lawan malih radidya asêkti | panjênêngan ratu jim wanodya | sagara kidul kuthane | ngêndi kang ora têluk | yèn lêlêmbut ing nusa Jawi | ratunipun aseba | mring sagara kidul | sami anungkul sadaya | sabên taun asrahakên bulupêkti | dhatêng kusuma rara || |
| 026.044 | Ratu Lodaya sami anangkil | Ratu Gumara rêke aseba | nrahakên bulupêktine | Ratu Kuwu Baladhug | kabèh [[f. 132r]: ka...bèh] lamun sami anangkil | Tayu Landheyan seba | miwah Gunung Agung | ing Kangayangan aseba | Waringing Wak[1] miwah ta ratuning Paning | sabên taun aseba || |
| 026.045 | Senapati cêngêng aningali | ing warnane ta kusuma rara | dadya micarèng driyane | tuhu ayu pinujul | sun watara rêtnaning puri | kaya nora pasaja[2] | tindak-tandukipun | tanapi yèn angandika | asung brăngta karya sumêlanging ati | kaduk raga kêrana || |
| 026.046 | alir kilat abarung lan thathit | têmpuhing liring jalu wanodya | mênggah yèn dede jinise | nanging Nyai Ra Kidul | ana uga rasaning ati | Senapati Ngalaga | dinuk ing pandulu | liringe lir guladrawa | pasêmone kusuma agarit ati | kaya yèn kagiwanga || |
| 026.047 | isun iki ratu ayu sigih | arsa wikan pasareyanira | apa ta baya rupane | rêtna ayu umatur | bok priyogi kula ngaturi | darma têngga kewala | ing sawarninipun | punika kagêngan tuwan | nulya wau sira Ki Senapati |[3] kinanthi mring paprêman || |
| 27. Kinanthi | |
| [Sénapati Ingalaga pinanggih ratu Kidul.[4]] | |
| 027.001 | kinanthi ing lampahipun | ya ta wau Senapati | dhumatêng ratu kusuma | prapta dalêm sampun ligih | Nyai Rara Kidul ika | kalawan Ki Senapati || |
| 027.002 | kang kacipta manahipun | warnane dyah ayu luwih | ikang asung liring brăngta | Senapati Ingalagi | su rêmpu ing manahira | arum wijilira [[f. 132v]: wiji...lira] angling || |
| 027.003 | Senapati wuwusipun | kalintang angasih-asih | amrih wêdhare kang karsa | paran polahku Sang Ratih | upami pisah lan sira | yèn nora para tambani || |
| 027.004 | ing karsane manah isun | arsa mulih mring Matawis | lah agèr têka tulusa | ayya brăngta wuyung mami | mas ratu marang ing sira | sihira sun têdha gusti || |
| 027.005 | krana lêstariya isun | gusti mulih mring Matawis | yya sumêlang mirah sira | priye ta tambane gusti | jênthike Ni Kidul sigra | dun[5] cinêkêl Senapati || |
145 dari 856
| 1 | Waringin Wak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.146, Pupuh 26.44.9). (kembali) |
| 2 | Bandingkan: prasaja (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.146, Pupuh 26.45.6). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata: anulya wau sira Ki Senapati. Bandingkan: Senapati astane nulya kinanthi (Babad Tanah Jawi, Van Dorp, Pupuh 50.71.9; Babad Pajang, Anonim, Pupuh 12.70.9). (kembali) |
| 4 | Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.147. (kembali) |
| 5 | dan. (kembali) |