Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
26 dari 170
141–142 dari 856
1.404–1.413 dari 8.560
| 026.006 | tat kayar ing ranga uni-uni |[1] kapaguhan mantri pamajêgan | rèhakên bulupêktine [[f. 127v]: bu...lupêktine] | kapangguh ta ing ênu | nênggih tita tan agêsêngi[2] | kaprayogan anênga | kita tan kapangguh | adipati kang tinatah | saliring rat ing pamajêgan pan uni | dening tapaning tahan || |
| 026.007 | pan sakèhing bulupêkti sami | sampun kasrah marang ki patikbra | tan ana ing sadoane |[3] Mataram ratu agung | pan nêgara ing têpis wiring | sami seba sadaya | maring sang aprabu | dèn kita lumampah jaga | mangke iki ikang yoga anampani | kang sinêmbah ngalaga || |
| 026.008 | kunêng ulun iki arsa êning | dukanira sang nata ing Pajang | piyandêl dalêm agêdhe | karsanira sang prabu | sakathahe wus anèng kami | lamun sira akarsa | jumênêng tumênggung | kang maksih ligih walulang | miwah menda kang karsa aligih lampit | mapan isun winênang || |
| 026.009 | nulya aluwaran Senapati | sakathahe mantri Pamajêgan | kabèh mulih ing pondhoke | sa yyang surya mèh surup | Senapati kesah sira glis | ingiring wong lêlima | ing pura jinujug | ana watu kumalasa | kaparnata naga tita kaprayogi | wau mênga dèn egah[4] || |
| 026.010 | Senapati lir anugang èsthi | kapya usung[5] sela lawan gajah | pandhan rakang[6] ing têpine | lir palana [[f. 128r]: pa...lana] dinulu | pandhan ika rêmu aputih | minăngka gadhingira | katustha ing banyu | Senapati apan wus srêh |[7] nulya guling luhuring gêgilang adi | tan ana kang pracaya || |
| 026.011 | kocapa Kyai Juru Martani | anèng wisma tan eca anendra | ing wayah têngah dalune | datan kêna aturu | nulya kesah dhatêng jro puri | kandhêg jawining lawang | ngandika Ki Juru | hèh jalma kang tugu lawang | sutèng ulun Senapati ana ligih | umatur ulun seba || |
| 026.012 | punang regol nulya matur angling | Kyai Juru wau sutanira | ămba tan wikan parane | sawusipun anginum | lawan sagunging para mantri | pamajêgan punika | sampun sami mantuk | saukure mantrinira | sarêng surup yyang kara căndra gumanti | wulan sêdhêng purnama || |
| 026.013 | Kyai Juru widadya ing wadi | mapan wikan parane kang putra | apan dèn susul ciptane | wayahe lisir[8] dalu | pan tumanduk lir kilat thathit | sakêdhap nuli prapta | ing pura jinujug | nulya sarêng kapaguhan | Kyai Juru Senapati pan aguling | mugèng sela gêgilang || |
| 026.014 | Kyai Juru Amartani angling | dipun gugah Senapati ika | atangia [[f. 128v]: atang...ia] dipun age | apa ana ing luhur | gènnya guling katbuta iki | Senapati Ngalaga | kagyat sira wungu | amulat tumuli mojar | apa sira mancarong ing luhur mami | satuwuk dèrèng wikan || |
| 026.015 | witang[9] ika sigra dènnya angling | wruhanira jênêng isun witang | awêwarah sira age | dene sira anêkung | asêmadi samada[10] êning | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | uwus sêdhêng marènana | ge muliha kang sira sêdya wus kêni | subrata mati raga || |
141–142 dari 856
| 1 | Bandingkan: tat kalayar ingkang nguni-uni (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.57.1). (kembali) |
| 2 | anggêsêngi (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.142, Pupuh 26.6.5). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: nagara pan sandeane (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.58.3). (kembali) |
| 4 | Bandingkan: sênggah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.9.10). (kembali) |
| 5 | ngusung (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.10.2). (kembali) |
| 6 | rangkang (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.75.3). (kembali) |
| 7 | Biasanya guru lagu a. Bandingkan: srah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.10.8). (kembali) |
| 8 | lingsir (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.13.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.84.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 34.78.4; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 34.78.4). (kembali) |
| 9 | wintang (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.143, Pupuh 26.15.1). Bandingkan: lintang (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.74.1). (kembali) |
| 10 | samadi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 28.74.5; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 49.86.5). (kembali) |