Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29 dari 170
160–161 dari 856
1.592–1.601 dari 8.560
| 029.102 | Senapati angandika aris | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu age | anarima katèngsun | ing pracayanira mring kami | isun pan durung ana | karsane Yyang Agung | angrêbata maring Pajang | pirang bara donganing wong sanêgari | ngrusak Dipati Dêmak || |
| 029.103 | lamun isun kinon marang Widi | mapan gampang rusake ing Pajang | Dipati [[f. 146v]: Dipa...ti] Dêmak patine | yèn kinarsakkên iku | dening Sukma jumênêng aji | ari Dipati Dêmak | mapan sira kukuh | tan kêna sinêdya rusak | dene janma nugraha lara lan pati | pasthi darbening Sukma || |
| 029.104 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa Pangeran Bênawa | ing Jipang ika wismane | maksih lara tyasipun | angirangi anendra bukti | lumampah kasutapan | asru gènnya nêkung | nalika tan ayun boja | lamun ana sisane wong dhahar sigih | tibèng lêmah dhinahar || |
| 029.105 | prapta wêngi sinêru kang brangti | anaritis pêrnahe anendra | datan kauban wangone | wayahe têngah dalu | nulya ana syara mèngêti | datan awarna rupa | lah undangên gupuh | pan dadi sêrananira | Senapati Ingalaga ing Matawis | tan ana sarana lyan || |
| 029.106 | sasampune amirsa syarèki | Adipati Bênawa gya mojar | lah duta sira sun kakon | undangên sanak isun | Senapati anèng Matawis | aturana dèn agya | mangkat kang pinutus | anulya praptèng Mataram | sigra masuk ing dalêmnya ta kapanggih | Senapati Ngalaga || |
| 029.107 | duta Jipang nêmbah nulya angling | Senapati Ingalaga iwang | marak mariki kinèkèn | dening rayi pukulun | Adipati Bênawa nênggih | jêngandika [[f. 147r]: jêng...andika] ngaturan | mring Pajang anêngguh | tuwanku putraning sultan | luguhêna ing Pajang jumênêng aji | yèku ikang kinarsan || |
| 029.108 | Kyai Gêdhe Senapati angling | hèh sang duta pan sira matura | mring Dipati Banawane | mapan ulun tan wêruh | pan karêpe rêbut nêgari | kalawan sanakira | pan saduluripun | ulun iki ing Mataram | winarisan dening sultan rama syargi | ulun têtêpe ika || |
| 029.109 | risang duta nêmbah nulya amit | sampun mangkat mulih marang Jipang | prapta mangsah kadhatone | cundhuk lawan sang prabu | duta matur wêkase nguni | Senapati Mataram | mapan wus tinutur | Pangeran Bênawa mojar | hèh sang duta balia marang Matawis | matura mring si kakang || |
| 029.110 | sang duta sigra umangkat aglis | lampahira dhatêng ing Mataram | prapta mangke nêgarane | Senapati kapangguh | risang duta anêmbah angling | Senapati Ngalaga | kawula ingutus | adipati ing Banawa | arinira wêkase marang ing kami | katura maring tuwan || |
| 029.111 | Adipati Bênawa anênggih | ikang karsa ing Pajang tan suka | kagêntosan ing tatane | jênêng rama pukulun | Sultan Pajang ikang alalis [[f. 147v]] | adipati ing Dêmak | kang gêntosi ratu | yèn andika tan akarsa | jênêngakên mring Pajang jumênêng aji | mring Pangeran Bênawa || |
160–161 dari 856