Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 170
150 dari 856
1.491–1.500 dari 8.560
29. Dhandhanggula
[Sultan Pajang séda, dipati Demak ingkang gentosi jumeneng nata wonten ing Pajang. Radèn Benawa jumeneng adipati wonten ing Jipang.[1]]
029.001 Dipati Bênawa lingira aris |[2] kakang Senapati Ingalaga | kawula igih kinèkèn | dening sultan sang ulun | jêngandika kapirsa nênggih | de rama jêngandika | akarsa amusuh | ing ramanira jêng sultan | igih nyata punapa batêna yêkti | ulun nêdha jinarwan ||
029.002 Senapati aris anauri | măngsa barong kang matur mring sultan | ratu pan têrus tingale | tarkaning tyasing ulun | datan samar sultan mring kami | saparipolah iwang | barkate sang prabu | kagêngan dalêm Mataram | pan tinarka yèn ulun kang adarbèni | mapan kagungan sultan ||
029.003 ulun nênggih ngaturkên sakèhing | sêsuguhe kang abdi Mataram | jêngandika pan gustine | yèn suwawi pukulun | tumanduka dhatêng Matawis | mapan nêgari tuwan | kasukana besuk | ing toya lawan dharatan | ulun saos sakarsa andika yayi | tampo arak wêragang ||
029.004 Adipati Bênawa sira [[f. 135v]] ngling | hèh tumênggung amăncanêgara | nyata linyok ing wartane | bakite[3] ikang matur | maring rama sultan ing nguni | yaktine iki ora | ujare amusuh | sun pitaya wêling kakang | ing bêcike kalawan wadya Matawis | dadi cina amrata ||
029.005 Ki Dipati Banawa anuli | lampahira prapta ing Mataram | tumanduk ing jro purane | rawuh nulya aluguh | pinarak ing wadya Matawis | andhèr bala ing Pajang | amrêgil supênuh | amundhut brêm myang waragang | Senapati agêpah dènnya anglarih | galaganjur tinêmbang ||
029.006 adipati ing Tuban sigra ngling | kangkang[4] Senapati Ingalaga | ulun midhangêt wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa[5] rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêkas kasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya ||
029.007 Senapati Ngalaga nauri | abdi dalêm Mataram abêksa | rangin sondhèr kang ginawe | yèn gêguyon anginum | papah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | sami tiyang sudhuk | mung sêkul ulam lumampah | papah gêdhang tan wèntên[6] tinigas pacing | buntare sinêmpugan ||
029.008 adipati gumujêng sarya ngling | bontên nusul têtiyang ing Tuban | wong Mataram digdayane | yèn abêksa anginum [[f. 136r]: anginu...m] | wong ing Tuban yèn bêksa lêmbing | têmên ikang kinarya | gêguyon anginum | tur sami atadhah dhadha | pan aganti ing wong alêmbing-linêmbing | wus wantune wong Tuban ||
029.009 atanapi yèn abêksa rangin | tumbak têmên kang kinarya watang | ikang minăngka sodore | abêbêksan anginum | tan prabeda lawan ajurit | yakti tumbak-tinumbak | datan ana kondur | sampun wantune wong Tuban | alah paran mangke andika ayoni | wong Tuban abêbêksan ||
029.010 Senapati Ingalaga angling | têtiyang dalêm sigih Mataram | sami awidhung tangkêpe | lagya sami sinau | dèrèng watên ikang rêspati | wantune tiyang desa | yèn bêksa anginum | sami gagak awurahan | mung cangkême gumêdêr abaribini[7] | abêksa tan tiyasa ||
150 dari 856

 


Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.106. (kembali)
Lebih satu suku kata. Bandingkan: Adipati Banawa sirangling (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.24.1); Adipati Banawa sigra ngling (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.25.1). (kembali)
bangkite (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.151, Pupuh 29.4.4). (kembali)
kakang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.151, Pupuh 29.6.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.29.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.30.2). (kembali)
Bandingkan: ambêksa (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.151, Pupuh 29.6.5). (kembali)
Bandingkan: wontên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.36.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.31.9). (kembali)
ambaribini (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.152, Pupuh 29.10.9; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.39.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.34.9). (kembali)