Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 170
153–154 dari 856
1.527–1.536 dari 8.560
029.037 Ki Dipati Bênawa puniki | mapan wode ing nala manira | anak lanang siji rêke | saature sun gugu | măngsa iki garoh ing kami | măngsa iki ngrusaka | ing nagaranisun | dadi ewuh tampaniwang | apan karo tan sun gugu iku mangkin | pan sun pikir ujarnya ||
029.038 sun tuture Senapati nguni | kala bocah dadi panakawan | ing raina ulun sare | Senapati atugu | anèng dagan isun aguling | ana karsaning Sukma | ula prapta agung | karsa nrêrajang maringwang | Senapati atangginas anyêkêli | ula pan kapisanan ||
029.039 wusing kono isun acangkrami | maring wana ing rame sêmana | agêrit [[f. 139v]: a...gêrit] sasam lan banthèng | Senapati pan milu | ngiring-iring ana ing wuri | mantri samya kapisah | kalawan katèngsun | agiring banthèng lan sasam | pan katukul sêmana isun agêrit | kalawan grahaniwang ||
029.040 wis mangkono ana banthèng kanin | nulya ngamuk datan ana mapag | nêrajang pagêritane | Senapati anêmpuh | sungunira pan siji sisih | cinêkêlan ing tangan | pokah punang sungu | banthèng mati kapisanan | iya iku digdayane Senapati | risêdhêng lagi bocah ||
029.041 mêngko iki saya wuwuh sêkti | pan atuwa waspada wêweka | widadya ing sasmitane | amiyanakkên èsmu | apan ulun wêruh ing wangsit | sakarsanira mothah | mapan ulun ugung | sakèhe ing wartanira | tan sun rungu Senapati sutèng mami | lir kaya gèn sun yoga ||
029.042 datatita lingira ing nguni | kang kocapa pun Tumênggung Mayang | kang èstri ika arine | Senapati puniku | pun Tumênggung Mayang pan mantri- | nira sultan ing Pajang | pan olih bêbêndu | dosane kala sêmana | putranira anyaragoh ikang putri | aran Radèn Pabelan ||
029.043 sasampune pinêjahan puri | Sultan Pajang sira amiyarsa | ing warta yèn bapakane | ginawe pasang iku | Sultan Pajang grahitèng ati | polahe Tumênggung Mayang [[f. 140r]: Ma...yang] |[1] sultan lakung bêndu | winade dhatêng Sêmarang | mantri Pajang sèwu ikang angiring |[2] mangkat maring Sêmarang ||
029.044 Ki Tumênggung Mayang ikang èstri | dinutakkên ginawan nuwala | marang ing Mataram age | prapta Mataram sampun | nulya masuk mring kênyapuri | Senapati kêpadhak[3] | nulya ngaras suku | sarwi ngaturakên layang | tinanggapan mring Senapati Matawis | surat nulya winaca ||
029.045 pèngêt kakang Senapati mami | pan dinukan dhatêng Sultan Pajang | pan kinesahakên age | dinol Sêmarang tèngsun | mantri Pajang ikang angiring | sèwu dêdamêl Pajang | padha sira ngêpung | ulun puniki yèn kêna | adèkêna aja liya prentah kami | nanging andika kakang ||
029.046 layangira pan sinuwir-suwir | ikang jaja upama têmbaga | abrit tandhane dukane | lathinira kumêdut | mukanira lir raup gêtih | ujalyanira[4] abang | kotbuta dinulu | ujalanira kang netra | kadya api sakèhe ikang ningali | lir surya katujyala ||
153–154 dari 856

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: dhatêng Tumênggung Mayang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.71.6). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: wadya Pajang cacah sèwu ingkang ngiring (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.71.9). (kembali)
kapêdhak. (kembali)
ujyalanira (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.74.6). (kembali)