Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29 dari 170
154 dari 856
1.531–1.540 dari 8.560
| 029.041 | mêngko iki saya wuwuh sêkti | pan atuwa waspada wêweka | widadya ing sasmitane | amiyanakkên èsmu | apan ulun wêruh ing wangsit | sakarsanira mothah | mapan ulun ugung | sakèhe ing wartanira | tan sun rungu Senapati sutèng mami | lir kaya gèn sun yoga || |
| 029.042 | datatita lingira ing nguni | kang kocapa pun Tumênggung Mayang | kang èstri ika arine | Senapati puniku | pun Tumênggung Mayang pan mantri- | nira sultan ing Pajang | pan olih bêbêndu | dosane kala sêmana | putranira anyaragoh ikang putri | aran Radèn Pabelan || |
| 029.043 | sasampune pinêjahan puri | Sultan Pajang sira amiyarsa | ing warta yèn bapakane | ginawe pasang iku | Sultan Pajang grahitèng ati | polahe Tumênggung Mayang [[f. 140r]: Ma...yang] |[1] sultan lakung bêndu | winade dhatêng Sêmarang | mantri Pajang sèwu ikang angiring |[2] mangkat maring Sêmarang || |
| 029.044 | Ki Tumênggung Mayang ikang èstri | dinutakkên ginawan nuwala | marang ing Mataram age | prapta Mataram sampun | nulya masuk mring kênyapuri | Senapati kêpadhak[3] | nulya ngaras suku | sarwi ngaturakên layang | tinanggapan mring Senapati Matawis | surat nulya winaca || |
| 029.045 | pèngêt kakang Senapati mami | pan dinukan dhatêng Sultan Pajang | pan kinesahakên age | dinol Sêmarang tèngsun | mantri Pajang ikang angiring | sèwu dêdamêl Pajang | padha sira ngêpung | ulun puniki yèn kêna | adèkêna aja liya prentah kami | nanging andika kakang || |
| 029.046 | layangira pan sinuwir-suwir | ikang jaja upama têmbaga | abrit tandhane dukane | lathinira kumêdut | mukanira lir raup gêtih | ujalyanira[4] abang | kotbuta dinulu | ujalanira kang netra | kadya api sakèhe ikang ningali | lir surya katujyala || |
| 029.047 | Senapati angling asmu runtik | hèh samitra mantri pamajêgan | manira jaluk gawene | mantri kang patang puluh | hèh rêbutên sadulur mami | ari Tumênggung Mayang | mêtua ing Kêdhu | rêbutên sagon[5] kapapag | nulya padha sinangonan ikang mantri | majêgan kawan dasa || |
| 029.048 | darijinya kinêbêkan sami | ing sêsotya kalawan kancana | gêbyar-gêbyar duk ingage | sêsotya [[f. 140v]: sê...sotya] mawi kuwung | maka warna lir lintang ngalih | asri yèn tiningalan | arêmên sing dulu | asih sakèhing wanodya | pracinane rêtna widagdèng pawèstri | donya tinohan pêjah || |
| 029.049 | mantri kawan dasa angabêkti | pan sakèhe ing panyananira | mangkana ing sasmitane | baya mangke anaur | ulun ika dananing gusti | tugêle jangganiwang | nadyan têkèng lampus | panyaur isun pan kurang | pan kawratan danane ing gusti mami | saurên de Yyang Sukma || |
| 029.050 | nulya mangkat miyos Kêdhu prapti | Jatijajar wong Pajang kapêdhak | kala sêdhang[6] pamondhoke | tan antara ingamuk | mantri Pajang akathah mati | dening wong kawan dasa | wong Pajang kaplayu | Tumênggung Mayang karêbat | sakarine ikang mantri Pajang prapti | matur ing Sultan Pajang || |
154 dari 856
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: dhatêng Tumênggung Mayang (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.71.6). (kembali) |
| 2 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: wadya Pajang cacah sèwu ingkang ngiring (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.71.9). (kembali) |
| 3 | kapêdhak. (kembali) |
| 4 | ujyalanira (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.74.6). (kembali) |
| 5 | Bandingkan: sakgon (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.155, Pupuh 29.47.8); sanggon (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.5.8). (kembali) |
| 6 | sêdhêng (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.78.3). (kembali) |