Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 170
150–151 dari 856
1.495–1.504 dari 8.560
029.005 Ki Dipati Banawa anuli | lampahira prapta ing Mataram | tumanduk ing jro purane | rawuh nulya aluguh | pinarak ing wadya Matawis | andhèr bala ing Pajang | amrêgil supênuh | amundhut brêm myang waragang | Senapati agêpah dènnya anglarih | galaganjur tinêmbang ||
029.006 adipati ing Tuban sigra ngling | kangkang[1] Senapati Ingalaga | ulun midhangêt wartane | jêngandika anêngguh | rêmên kang wong abêksa[2] rangin | punapa kang kinarya | kakang watangipun | lan malihe wong Mataram | yèn alêkas kasukan abêksa lêmbing | punapa kang kinarya ||
029.007 Senapati Ngalaga nauri | abdi dalêm Mataram abêksa | rangin sondhèr kang ginawe | yèn gêguyon anginum | papah gêdhang kinarya lêmbing | abdi dalêm Mataram | sami tiyang sudhuk | mung sêkul ulam lumampah | papah gêdhang tan wèntên[3] tinigas pacing | buntare sinêmpugan ||
029.008 adipati gumujêng sarya ngling | bontên nusul têtiyang ing Tuban | wong Mataram digdayane | yèn abêksa anginum [[f. 136r]: anginu...m] | wong ing Tuban yèn bêksa lêmbing | têmên ikang kinarya | gêguyon anginum | tur sami atadhah dhadha | pan aganti ing wong alêmbing-linêmbing | wus wantune wong Tuban ||
029.009 atanapi yèn abêksa rangin | tumbak têmên kang kinarya watang | ikang minăngka sodore | abêbêksan anginum | tan prabeda lawan ajurit | yakti tumbak-tinumbak | datan ana kondur | sampun wantune wong Tuban | alah paran mangke andika ayoni | wong Tuban abêbêksan ||
029.010 Senapati Ingalaga angling | têtiyang dalêm sigih Mataram | sami awidhung tangkêpe | lagya sami sinau | dèrèng watên ikang rêspati | wantune tiyang desa | yèn bêksa anginum | sami gagak awurahan | mung cangkême gumêdêr abaribini[4] | abêksa tan tiyasa ||
029.011 Adipati Tuban ngandika ris | ulun darbe wadyanira Tuban | awagêd abêksa tamèng | pitung nagara pujul | nanging wadyanira ing Tubin | wisaya lan prayitna | datan ana musuh | wong pitung nêgara kalah | de wong siji igih wadyanira Tubin | ulun mapan sumăngga ||
029.012 Senapati anauri aris | mendahane têtiyang andika | mulat mring wong bêksa tamèng | ikang wagêd pinujul | ngalahakên pitung nêgari | mendahe [[f. 136v]: me...ndahe] dening egar | arêmên adulu | satuwuke dèrèng mulat | wong digdaya amirsa lagya ing mangkin | dene jênêking mudha ||
029.013 Adipati Tuban sigra angling | hèh wong Tuban dudu lanang sira | abêksaa sira tamèng | mumpung lagi awuru | gêlarira dipun angênting | nulya wadya tumandang | abêbêksan iku | tawok tamèng pan cinandhak | ngumbulakên malêpas marang wiyati | pan tinadhahan jaja ||
029.014 aramya ikang sêdhênging rèki | abêbêksan gamêlan gurnita | awor lan surak wadyane | lir ombak sagara gung | Radèn Răngga sutanya rèki | Senapati Ngalaga | nênggih kang asêpuh | anjawil dhatêng kang rama | nulya kagyat Senapati ing Matawis | sinêntak mring kang rama ||
150–151 dari 856

 


kakang (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.151, Pupuh 29.6.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 36.29.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.30.2). (kembali)
Bandingkan: ambêksa (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.151, Pupuh 29.6.5). (kembali)
Bandingkan: wontên (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.36.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.31.9). (kembali)
ambaribini (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.152, Pupuh 29.10.9; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.39.9; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.34.9). (kembali)