Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 170
157–158 dari 856
1.568–1.577 dari 8.560
029.078 amit makin nanging boya mulih | ulun iki nganti karsani[1] Yyang | aturêna dipun age | dutanira awangsul | dhatêng pura matur sang aji | manêng[2] sultan ing Pajang | Senapati nêngkung | maladi samadinira | anèng Mayang têngah dalu wayah makin | pun Juru Tam prapta |[3]|
029.079 amêng-amêngane Senapati | gêdhenira sagunung anakan | mêndhêk ngalasod ngarsane | pun Juru Taman matur | Senapati panutan mami | mênawi dede karsa | angrabah[4] sang prabu | ing Pajang ulun lumampah | pêjah gêsang pan ulun ikang lêboni[5] | kita karia wirya ||
029.080 Senapati Ngalaga sigra ngling | Juru Taman ulun atarima | ing pracayanira age | ulun tan darbe kayun | ing sakarsanira umiring | Juru Taman anêmbah | anulya tumanduk | malêbu maring kadhatyan | Sultan Pajang kapangguh gêrah aligih | binithi dhadhanira ||
029.081 Sultan Pajang kantaka tumuli | tinangisan dening para garwa | miwah putra sêntanane | prakatha padha umung | sarêng enjing sultan alilir | saya sru ikang gêrah | Senapati wau | sakathahe wong Mataram | padha tumbas anênggih punang salasih | tinumpuk lawang kilyan ||
029.082 Senapati Mataram puniki | kacarita anèng desa [[f. 144r]: de...sa] Mayang | tigang dalu tri dinane | nulya mulih pan sampun | mring Mataram kocap ing wuri | pangeran ing Bênawa | age sira matur | hèh rama putra andika | Senapati wong Mataram dèn pundhuti | salasih sami tumbas ||
029.083 agotongana[6] pikulan sami | ana mondhong dèn tumpuk sadaya | ing lawang sakèthèng kilèn | Sultan Pajang amuwus | kakangira Ki Senapati | asru gumatènira | darbe bapa mringsun | yèku tăndha sih-sinihan | pan waspada sutèng ulun Senapati | yèn isun mèh antaka ||
029.084 tan antara Sultan Pajang lalis | kang nungkuli putra lawan garwa | alara asru tangise | miwah mantri tumênggung | dêmang răngga lawan ngabèi | warduji[7] pandêlêgan | kandhuruhan muwun | pêcaktăndha kang aniba | wadya èstri asru padha sira nangis | gurnita lir sagara ||
029.085 Adipati Bênawa sira ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | ulun jaluk kabèh rahe[8] | ulun kinèn amatut | wêwêkase kang sampun lalis | Senapati Ngalaga | putra kang pambayun | kang rama apan wus tilar | prayogane ing Mataram sun utusi | pinajar sultan mapad ||
029.086 bêcik gêlêm tan gêlêma sigih | mapan iku sanak tuwa dhawak | rama ji pan [[f. 144v]: pa...n] gêgêntène | dununge sêmbah isun | mantri Pajang kabèh umiring | dutanira umêsat | ing Mataram rawuh | tumamèng maring kadhatyan | pan kapangguh anêmbah mring Senapati | duta aris aturnya ||
029.087 Senapati ulun atur paksi | Sultan Pajang make sampun lina | pan ulun iki kinèkèn | dening ari pukulun | Adipati Bênawa sigih | jêngandika ngaturan | mring ari pukulun | inganti anucèkêna | ing layone rama ji sultan anênggih | maksih agilang-gilang ||
157–158 dari 856

 


1 karsaning (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.159, Pupuh 29.78.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.39.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.39.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.106.2). (kembali)
2 mênêng. Bandingkan: kèndêl Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.106.6); maring (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.109.6). (kembali)
3 Kurang satu suku kata. Bandingkan: pun Juru Taman prapta (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.159, Pupuh 29.78.10; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.39.10; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.39.10; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.109.10; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.106.10). (kembali)
4 angrambah (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.159, Pupuh 29.79.7). Bandingkan: angrabasèng (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.40.7; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.107.7); angrêbasèng (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.110.7). (kembali)
5 nglêboni (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.40.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.40.9). Bandingkan: nglabuhi (Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.110.9). (kembali)
6 anggotongana (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.159, Pupuh 29.83.1). Bandingkan: kagotongan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.111.1). (kembali)
7 waduji. (kembali)
8 rèhe (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.113.3). Bandingkan: rêmbuge (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.46.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.46.3). (kembali)