Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 170
158–159 dari 856
1.575–1.584 dari 8.560
029.085 Adipati Bênawa sira ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | ulun jaluk kabèh rahe[1] | ulun kinèn amatut | wêwêkase kang sampun lalis | Senapati Ngalaga | putra kang pambayun | kang rama apan wus tilar | prayogane ing Mataram sun utusi | pinajar sultan mapad ||
029.086 bêcik gêlêm tan gêlêma sigih | mapan iku sanak tuwa dhawak | rama ji pan [[f. 144v]: pa...n] gêgêntène | dununge sêmbah isun | mantri Pajang kabèh umiring | dutanira umêsat | ing Mataram rawuh | tumamèng maring kadhatyan | pan kapangguh anêmbah mring Senapati | duta aris aturnya ||
029.087 Senapati ulun atur paksi | Sultan Pajang make sampun lina | pan ulun iki kinèkèn | dening ari pukulun | Adipati Bênawa sigih | jêngandika ngaturan | mring ari pukulun | inganti anucèkêna | ing layone rama ji sultan anênggih | maksih agilang-gilang ||
029.088 Senapati agya nulya nitih | kudanira lampahe anyongklang | nulya prapta ing Pajange | tumamèng ing kadhatun | Senapati nèng srimênganti | anulya sinungkêman | padane sang prabu | tan beda kala ing gêsang | ing batine Senapati ing Matawis | maring jêng Sultan Pajang ||
029.089 nulya adan siniraman sami | pan kinapan sêmbayange pisan | sampune ginawa age | pinêktak[2] anèng Butuh | nulya sami maca talêkim | andonga sampun tamat | padha mulih sampun | anulya prapta ing Pajang | kêkumpulan sakèhing pandhita mantri | pêpêk santana putra ||
029.090 Susunan Kudus mangkya sira ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | putra sapa ing yogane | ikang gumanti ratu | kang sineba sakèhing mantri [[f. 145r]] | wadya Pajang sêdaya | padha sira matur | yèn suwawi lawan karsa | Adipati Bênawa yogya gumanti | putra lanang satugal ||
029.091 angandika Sunan Kudus aris | tan sêmbada ulun gantyanana | Adipati Bênawane | yogya dadia ratu | adipati ing Dêmak mangkin | mapan iku kang tuwa | ibu bapa ratu | kang èstri putra kang tuwa | Sultan Pajang kang lanang putrane iki | adipati ing Dêmak ||
029.092 iya mantu yogya dadi aji | dening wadon lawan lanang ika | karo têrah kusumane | Dipati Bênèwèku | sampun winarisan nêgari | ing Jipang kang wasiyat | Sultan Pajang dangu | yoga maringa ing Jipang | awismaa mapan jumênênga aji | ing Jipang sinebaa ||
029.093 Senapati sêdya turun angling | dyan sinaru Kyai Juru mojar | Senapati mayo mulih |[3] anulya agya mundur | Kyai Juru amêmancèni | Senapati Ngalaga | ayya turun wuwus | karêpe ing wong sêsanak | silih ukih akudun[4] rêbut nêgari | sokur dadia aprang ||
029.094 lêhêng sira mêmulea dhikir | asidhêkah amburua sasam | kidang kancil lawan banthèng | ing Mataram pan agung | miwah bêras kalawan pari | murah sarya pinangan | tulus kang tinandur | agunga sira kasukan | ing [[f. 145v]] Mataram apan wismanira bêcik |[5] ayya nêdya ing Pajang ||
158–159 dari 856

 


1 rèhe (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.113.3). Bandingkan: rêmbuge (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.46.3; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.46.3). (kembali)
2 pinêtak. Bandingkan: pinêtêk (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.50.4; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.50.4; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.118.4). (kembali)
3 Biasanya guru lagu e. Bandingkan: mulèh (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.54.3; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.123.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.122.3); aja sira cawe-cawe (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.54.3). (kembali)
4 Bandingkan: padudon (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.54.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.54.9). (kembali)
5 Bandingkan: ing Mataram apan wis manira bêcik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.160, Pupuh 29.94.9); ing Mataram wismanira pan abêcik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.55.9); ing Mataram nagaranira abêcik (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.123.9). (kembali)