Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
29 dari 170
159–160 dari 856
1.587–1.596 dari 8.560
029.097 mantri Pajang gêrsah tyasing rèki | samya dèn longi kang gêgadhahan | padha ala pangucape | age anaa musuh | dèn rusaka Pajang puniki | katuwone wak iwang | tinilar ing ratu | kaliwat dening alara | kyèh durjana ing Pajang wong bêdhog ngutil | anayab wong bêbegal ||
029.098 kabèh padha mantri Pajang miring | manahira anêdha na karya | maring ratune kang mangke | apan adarbe kayun | Senapati Ngalaga sigih | mantri Pajang kang lawas | pangalasan sèwu | akokonan mring Mataram | duta mangkat lumampah sadalu margi | enjang dhatêng Mataram [[f. 146r]] ||
029.099 duta mangsah tumamèng ing puri | Senapati kapanggih pinarak | sang duta anêmbah age | pan aluguh tumukul | nulya matur ing Senapati | kawula kang putusan | pangalasan sèwu | atur uninga ing kita | rayi dika Dipati Dêmak ing makin | gènnya jumênêng Pajang ||
029.100 mantri sadaya anêrka balik | datan eca gènira ngawula | dhatêng ratune kang mangke | gêgadhuhan pinundhut | tigang atus satus kang maksih | kalih atus dalêman | iku tatanipun | marmane miring kang manah | Pajang rusak ing bêngi garigis maling | raina parêbatan ||
029.101 lah manawi andika puniki | darbe karsa angrêbat ing Pajang | apan sêdhêng mumpung mangke | Pajang lagya ra-uru | mantri anyar arêbat bumi | wadya Pajang kalawan | mung dika pukulun | ikang dipun arsa-arsa | sêmangsane darbe karsa nuli balik | umiring karsa dika ||
029.102 Senapati angandika aris | hèh sang duta matura samitra | pangalasan sèwu age | anarima katèngsun | ing pracayanira mring kami | isun pan durung ana | karsane Yyang Agung | angrêbata maring Pajang | pirang bara donganing wong sanêgari | ngrusak Dipati Dêmak ||
029.103 lamun isun kinon marang Widi | mapan gampang rusake ing Pajang | Dipati [[f. 146v]: Dipa...ti] Dêmak patine | yèn kinarsakkên iku | dening Sukma jumênêng aji | ari Dipati Dêmak | mapan sira kukuh | tan kêna sinêdya rusak | dene janma nugraha lara lan pati | pasthi darbening Sukma ||
029.104 datatita lingira ing nguni | kang kocapa Pangeran Bênawa | ing Jipang ika wismane | maksih lara tyasipun | angirangi anendra bukti | lumampah kasutapan | asru gènnya nêkung | nalika tan ayun boja | lamun ana sisane wong dhahar sigih | tibèng lêmah dhinahar ||
029.105 prapta wêngi sinêru kang brangti | anaritis pêrnahe anendra | datan kauban wangone | wayahe têngah dalu | nulya ana syara mèngêti | datan awarna rupa | lah undangên gupuh | pan dadi sêrananira | Senapati Ingalaga ing Matawis | tan ana sarana lyan ||
029.106 sasampune amirsa syarèki | Adipati Bênawa gya mojar | lah duta sira sun kakon | undangên sanak isun | Senapati anèng Matawis | aturana dèn agya | mangkat kang pinutus | anulya praptèng Mataram | sigra masuk ing dalêmnya ta kapanggih | Senapati Ngalaga ||
159–160 dari 856