Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
29 dari 170
158–159 dari 856
1.580–1.589 dari 8.560
| 029.090 | Susunan Kudus mangkya sira ngling | hèh sakèhe para mantri Pajang | putra sapa ing yogane | ikang gumanti ratu | kang sineba sakèhing mantri [[f. 145r]] | wadya Pajang sêdaya | padha sira matur | yèn suwawi lawan karsa | Adipati Bênawa yogya gumanti | putra lanang satugal || |
| 029.091 | angandika Sunan Kudus aris | tan sêmbada ulun gantyanana | Adipati Bênawane | yogya dadia ratu | adipati ing Dêmak mangkin | mapan iku kang tuwa | ibu bapa ratu | kang èstri putra kang tuwa | Sultan Pajang kang lanang putrane iki | adipati ing Dêmak || |
| 029.092 | iya mantu yogya dadi aji | dening wadon lawan lanang ika | karo têrah kusumane | Dipati Bênèwèku | sampun winarisan nêgari | ing Jipang kang wasiyat | Sultan Pajang dangu | yoga maringa ing Jipang | awismaa mapan jumênênga aji | ing Jipang sinebaa || |
| 029.093 | Senapati sêdya turun angling | dyan sinaru Kyai Juru mojar | Senapati mayo mulih |[1] anulya agya mundur | Kyai Juru amêmancèni | Senapati Ngalaga | ayya turun wuwus | karêpe ing wong sêsanak | silih ukih akudun[2] rêbut nêgari | sokur dadia aprang || |
| 029.094 | lêhêng sira mêmulea dhikir | asidhêkah amburua sasam | kidang kancil lawan banthèng | ing Mataram pan agung | miwah bêras kalawan pari | murah sarya pinangan | tulus kang tinandur | agunga sira kasukan | ing [[f. 145v]] Mataram apan wismanira bêcik |[3] ayya nêdya ing Pajang || |
| 029.095 | Senapati Ingalaga mulih | ing Mataram lami tan winarna | kocapa ing Pajang mangke | Dipati Dêmak mantu | agêntosi jumênêng aji | dipati ing Bênawa | awisma ji lulus |[4] pandumira mantri Pajang | pinatêlu rong duman pinundhut mangkin | maksih ikang saduman || |
| 029.096 | kang rong duman kinarya pêparing | mantri Dêmak wadyanira lawas | padha jinujung luguhe | ana jênêng tumênggung | waduaji dêmang ngabèi | răngga lan pandêlêgan | kandhuruhan iku | andhamoi pêcaktăndha | kagadhahan mantri Dêmak padha sigih | awisma anèng Pajang || |
| 029.097 | mantri Pajang gêrsah tyasing rèki | samya dèn longi kang gêgadhahan | padha ala pangucape | age anaa musuh | dèn rusaka Pajang puniki | katuwone wak iwang | tinilar ing ratu | kaliwat dening alara | kyèh durjana ing Pajang wong bêdhog ngutil | anayab wong bêbegal || |
| 029.098 | kabèh padha mantri Pajang miring | manahira anêdha na karya | maring ratune kang mangke | apan adarbe kayun | Senapati Ngalaga sigih | mantri Pajang kang lawas | pangalasan sèwu | akokonan mring Mataram | duta mangkat lumampah sadalu margi | enjang dhatêng Mataram [[f. 146r]] || |
| 029.099 | duta mangsah tumamèng ing puri | Senapati kapanggih pinarak | sang duta anêmbah age | pan aluguh tumukul | nulya matur ing Senapati | kawula kang putusan | pangalasan sèwu | atur uninga ing kita | rayi dika Dipati Dêmak ing makin | gènnya jumênêng Pajang || |
158–159 dari 856
| 1 | Biasanya guru lagu e. Bandingkan: mulèh (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.54.3; Sajarahe Sagunging Para Ratu, British Library (MSS Jav 10), Pupuh 30.123.3; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.122.3); aja sira cawe-cawe (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.54.3). (kembali) |
| 2 | Bandingkan: padudon (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.54.9; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.54.9). (kembali) |
| 3 | Bandingkan: ing Mataram apan wis manira bêcik (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.160, Pupuh 29.94.9); ing Mataram wismanira pan abêcik (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.55.9); ing Mataram nagaranira abêcik (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.123.9). (kembali) |
| 4 | Bandingkan: wisma Jipang tulus (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 39.56.7; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 39.56.7); ing Jipang wus lungguh (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.124.7). (kembali) |