Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
3 dari 170
31–32 dari 856
302–311 dari 8.560
003.020 | Ki Satomi matur aris | sumăngga karsa sang nata | nalendra ngandika alon | ing mêngko karsa manira | Satomi isun duta | muliha marang wismamu | kêrigên sasanakira || |
003.021 | anak putunira nênggih | isun karyane pugawa[1] | Satomi sun ganjar mangko | ginanjar sabusananya | tan kari ikang garwa | angandika sang aprabu | Satomi sira kentara || |
003.022 | saha tur sêmbah upamit[2] | wus mintar ngarsèng sang nata | sang prabu sampun ngadhaton [[f. 25r]: ngadha...ton] | Ni Satomi pan binêkta | marang sajroning pura | sigêgên wau winuwus | Ki Satomi pan lumampah || |
003.023 | kang jinujug Ki Satomi | ing Sokapura wismanya | wayang-wayangan lampahe | wus prapta talatahira | dhusun ing Sokapura | ucape sampun sinèwu | dèn nyana sampun palastra || |
003.024 | sêmana pan sampun prapti | ajujug[3] ing wismanira | pan kagèt anak putune | kyai sun nyana wus pêjah | nulya gêgêndhong samya | macapat pan sami rawuh | kalêbêt nak putunira || |
003.025 | sadaya pan sami nangis | ana kang abêkta[4] burat | miwah sêkul lan ulame | ana ikang bêkta wastra | anak putunya kathah | wismanira pan arubung | kang anèng jawi gumêrah || |
003.026 | amuwus Kyai Satomi | kabèh anak putuniwang | padha mindêla sakèhe | aran isun maksih gêsang | balikan isun warta | lagya kinongkon wak isun | marang Gusti Galuh Nata || |
003.027 | anak putunira uni | sadaya pan atur sêmbah | dhuh kadipundi karsane | dening datan watên nata | hèh iya nyata kalap | lah kyai andika nêbut | emuta Yyang Jagatnata || |
003.028 | sadaya sinêntak sami | isun mapan ora kalap | atutur-tutur bênêre | dinuta marang sang nata | kinon animbalana | sarupane pan sanakmu | karsanya gawe pugawa [[f. 25v]] || |
003.029 | agêndhong pêpêk kinêrig | saanak putu sadaya | nak-sanak kaponakane | akathah kang sami prapta | etangipun sadaya | apan jalma tigangatus | Ki Satomi angandika || |
31–32 dari 856
1 | punggawa (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.28, Pupuh 3.21.2; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 8.50.2). (kembali) |
2 | apamit. (kembali) |
3 | anjujug (dan di tempat lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.29, Pupuh 3.24.2). (kembali) |
4 | ambêkta (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.29, Pupuh 3.25.2). (kembali) |