Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
31 dari 170
165–166 dari 856
1.644–1.653 dari 8.560
| 031.014 | Martalulut wong Singanêgari | padha matur marang Senapatya | pun Dipati Dêmak mangke | pinêjahan puniku | Senapati sigra dènnya ngling | ulun iki tan wênang | dudu pasthinisun | anêdya yèn mêjahana | arinisun Adipati Dêmak mangkin | matia ing kanjara[1] || |
| 031.015 | Adipati Bênawa puniki | suka-sukan[2] anèng pagêlaran | ing alun-alun Pajange | padha bêksa awuru | pan sagunge kang wadya mantri | sadaya suka rêna | para wadyanipun | amrang lêngên para nantang | para campah candhala anênumbari | ing Pajang ulun digbya || |
| 031.016 | Senapati Ngalaga umiring | mijil kang nadhi kapaning kuda | pun Gathayu ing wastane | lawan ikang kandhangsul | Macan Guguh aran kandhali | gong pun Sêkardalima | padha barkatipun | ingagêm suntan[3] ing Pajang | sakathahe bêbarkatan kang rumiyin | ginawa pagêlaran || |
| 031.017 | Senapati sineba ing mantri |[4] pagêlaran alun-alun Pajang | singasana[5] [[f. 152r]: singa...sana] paluguhe | lêlèmèkira babut | isi kêmbang ing nagasari | ujalanirèng muka | lir wulan awêlu | risêdhêng lagi purnama | padha takut amulat sakèhing mantri | tumukul samya ngrêpa || |
| 031.018 | Adipati Bênawa sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | kita jumênênga age | Sultan Pajang puniku | sinebaa sakyèhing mantri | mapan kita prayoga | dening putra sêpuh | atêguh lawan arosa | digbya sêkti para ratu tanah Jawi | tan ana kang wania || |
| 031.019 | Senapati Ingalaga angling | ari adipati ing Bênawa | tarima ing pracayane | pan dudu pasthinisun | gumantia ing rama aji | jumênêng Sultan Pajang | kagêdhèn puniku | ulun pinasthi amurwa | tanah Jawa angalahkên ing ajurit | kutha Pajang karusak || |
| 031.020 | anèng têmbèng[6] bêrsih tanah Jawi | ratu mănca tan ana suwala | padha apranata kabèh | Jawa mapan kakêlun | gih puniku Sultan Matawis | pan iku putuningwang | pasthi kang kapangguh | jumênêng ratu pandhita | kèdhêp sabrang para ratu angajawi | Mandura lan Palembang || |
| 031.021 | ulun iki winaris rama ji | ing Mataram sun tugoni[7] iya | bêbakali kangelane | Dipati Bênawèku | lah wus sira dadia aji | malêbua jro pura | mêngkua kaprabun | Dipati Bênawa mojar [[f. 152v]] | kakang aji ulun iki anglampahi | sakèhing pakonira || |
| 031.022 | sakathahing kagêngan nèng ngriki | jroning pura kawula sumăngga | sakarsa andika angrèh | Senapati amuwus | atarima ulun puniki | yayi pracayanira | kang mara ing ulun | sakèhe kuningan Pajang | simpênana karyanên dandanan benjing | kutha Pajang kang rusak || |
| 031.023 | lah gawenên nênutut ing mantri | dananana rêtna lawan boga | wanodya ayu rupane | iku pan karsanisun | wong ngawula maring nrêpati | yayi sira bêbakal | jênêngira ratu | kurange sêntanira |[8] tumbasêna salakanira lan picis | wajib dandanan aprang || |
165–166 dari 856
| 1 | kunjara (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.182.10). (kembali) |
| 2 | sukan-sukan (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.183.2). (kembali) |
| 3 | sultan (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.168, Pupuh 31.16.8; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.17.8; Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.184.8). (kembali) |
| 4 | Bandingkan: Senapati (ra) sinéba ing mantri (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.168, Pupuh 31.17.1.). (kembali) |
| 5 | Bandingkan: singangsana (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.185.3). (kembali) |
| 6 | têmbe (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.188.1). (kembali) |
| 7 | tunggoni (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.169, Pupuh 31.21.2). Bandingkan: gugoni (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.189.2). (kembali) |
| 8 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: kurange sêntananira (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.169, Pupuh 31.23.8); kirange sanjatanira (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.24.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.24.8). (kembali) |