Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
31 dari 170
166–167 dari 856
1.654–1.663 dari 8.560
031.024 sang lyir bawani[1] kang sinung wadi | kinarya myang jagat jaga-jaga | arjaning rat saèsthine | gulang-gulangên iku | dipun yitna ulah nêgari | duwea wong têtiga | karuwun sang wiku | kapindho kang wong atapa | kaping tiga wong petangan wiladuni | palakiyah myang ramal ||
031.025 yèn sira yun wêruha ing adil | pranatane wong dadi narendra | atakona dipun age | wadyanira sang wiku | lamun ayun wêruh ing wadi | takona kang petangan | ingaran dhêdhukun | yèn ayun wruh pangawasa | kang kajaba saking wirayating tulis | takona kang pranata ||
031.026 Adipati Banawa sigra ngling | kakang Senapati Ingalaga | sakèhing bêbarkatane | rama aji syargèku | pan sumăngga ulun puniki [[f. 153r]: pu...niki] | gawanên mring Mataram | pantês anak sêpuh | kang aduwe warisan |[2] jêngandika kawula tan amantêsi | kang darbea bêrkatan ||
031.027 Senapati Ingalaga angling | ari adipati ing Banawa | alah bênêr sasmitane | bêbarkatan sun pundhut | ulun bêkta dhatêng Matawis | cinecandhi purana |[3] rama ji lan isun | têmên-têmên kênèng kêdhap | sarasane srêngkara rupa lan manis | tan kêna pisahêna ||
031.028 lah karia arinisun amit | mulih marang nêgara Mataram | sun astokkên salamête | ing sawurine ulun | Adipati Bênawa nangis | mangusap ing suku sang | kang ana ing lêbu | sêsambate kadi bocah | kang sinambat bapa babune kang lalis | datan narka panggiha ||
031.029 enjang makat Senapati mulih | kang binêkta makutha bêrkatan | gong Ki Sêkardalimane | kêkapa Ki Gathayu | lan kundhali sarênge iki | Macan Guguh wastanya | sadaya pan kantun | ya ta Adipati Dêmak | duk sinusul gunung Kêndhêng dèn pêjahi | ana desa ing Serang ||
031.030 Senapati lulus dènnya mulih | dyan lumampah tan kawarnèng marga | prapta ing Mataram age | tumamèng ing kadhatun | Senapati jumênêng aji | sêmana ingastrenan | Sunan Adilangu | lawan mantri pamajêgan | wong Kajoran kabèh seba mring Matawis | Sultan Pajang wus sirna [[f. 153v]] ||
031.031 Adipati Bênawa anênggih | anèng Pajang jumênêng nalendra | lagi satahun lawase | anulya sira lampus | ginantosan dening kang ari | Senapati Ngalaga | pangeran tumênggung | ing Pajang arane ika | karanira sitigil ngilèn arêpi | yya mêmadha Mataram ||
031.032 wawan kyaning sultan ing auni |[4] sakathahe wêwêngkoning pura | ginêmpur lêmah dhuwure | myang pasareanipun | ingingêran wetan puniki | ing êgonira[5] wisma | pangeran tumênggung | sakulone kutha Pajang | bahastana[6] wong Arab kang aran aji | winêlar kutha Pajang ||
031.033 linêbokkên astana puniki | jroning kitha karsane punika | ingambil ika barkate | dyan pangeran tumênggung | purwanira ambata iki | patute kutha Pajang | pasagi rumuhun | Pangeran Tumênggung Pajang | dèn warnanên Senapati ing Matawis | lami jumênêng nata ||
166–167 dari 856

 


1 Bandingkan: bawane (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.25.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.25.1). (kembali)
2 Kurang satu suku kata. Bandingkan: kang anduma wêwarisan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.27.8; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.27.8); andarbènana wasiyat (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.194.8). (kembali)
3 Bandingkan: cihna gêdhe kapurna (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.28.6); cihna gêdhe kang purna (Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.28.6). (kembali)
4 Bandingkan: wêwangunan Sultan Pajang nguni (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.83.1; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.83.1). (kembali)
5 ênggonira (dan di tempat dan bentukan lain) (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.170, Pupuh 31.32.6). (kembali)
6 Bandingkan: na astana (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 41.83.9; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 41.83.9); kang ngastana (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 51.200.9). (kembali)