Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
32 dari 170
170–171 dari 856
1.698–1.707 dari 8.560
| 032.029 | Panêmbahan Madiyun lan Panaragan | yèn sêmbada lan mami | aja na wong cidra | sawetan gunung iya | Pangalasan kawan latri | nèng Surabaya | binoja siyang latri || |
| 032.030 | ya ta pinusalin[1] sira Pangalasan | mangkya anulya pamit | natèng Surabaya | prajangjine wus rêmbag | nêgara bang wetan sami [[f. 156v]] | ngukuhi kutha- | nira samya acawis || |
| 032.031 | wong Surabaya sampun apêpak sênjata |[2] jêjêl kang punang baris | Pangran Surabaya | mapan nora lumampah | anuduh ing para mantri | miyang sadaya | bubar kang bala sami || |
| 032.032 | adipati bang wetan samya lumampah | patêmon ing Kadhiri | samya pamondhokan | sakilèning bangawan | ênêngêna rumiyin |[3] natèng Mataram | wau sira tinangkil || |
| 032.033 | kajinêman matur yèn nagri bang wetan | arsa mêcah Matawis | ya ta Senapatya | anèng taji sêmana | kang inganti samya prapti | nanging wong Pajang | angadhang anèng margi || |
| 032.034 | wong Sêmarang Dêmak lan wong Kalinyamat | Jêpara lawan Pathi | wus pêpak sadaya | tumut mring Senapatya | patêmon ing Pajang sigih | anulya bubar | saking Pajang nêgari || |
| 032.035 | kêndhang gong sêsauran munya srang umyang | lir karêngèng ing langit | tan kawarna marga | wong Mataram wus prapta | amondhok kilèning kali | samya atata | ing Kali Dhadhung nênggih || |
| 032.036 | Adipati Măndaraka ris aturnya | karsa dika Ki Bayi | boya anyabranga | sawetaning walahar | mojar Kyai Senapati | sêdya manira | kandhêg ana ing ngriki || |
| 032.037 | wong lêlima mangke samya têteboka[4] | ing Kali Dhadhung iki | nêngêna saksana | kocapa sikêp wetan | prapta kilèning nagari | Madiyun ika | mondhok wetaning warih || |
| 032.038 | lêt walahar sikêp wetan lan Mataram | pondhoke dèn pênêdi [[f. 157r]] | Senapati Nglaga | pinarak pasanggrahan | hèh ki paman Măndarèki | wong Panaragan | Madiyun kadipundi || |
170–171 dari 856
| 1 | pinisalin (dan di tempat lain). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: Surabaya pan sampun nata gêgaman (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 15.72.1); wadya Surabaya sampun asiyaga (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.29.1). (kembali) |
| 3 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: lah ing ngriku ta kariyin (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 15.73.5). (kembali) |
| 4 | têtemboka. Bandingkan: tatemboka (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 52.35.1). (kembali) |