Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
34 dari 170
184–185 dari 856
1.834–1.843 dari 8.560
034.044 Adipati Kanitèn sigra ngling | pan alênggak[1] sarwi latah-latah | sira iki pêksa ngêne | gènira pêksa isun | kudu arêp musuh ing kami | apa ora miyarsa | yèn isun pinujul | sira dudu musuh iwang | Senapati pantês lawan isun jurit | lah ta sira mirea ||
034.045 Panêmbahan angandika aris | nora gêlêm isun yèn mirea | isun anglakoni pakèn | kinèn amapag musuh | lamun isun durung ngêmasi | tan purun amundura | Kanitèn lumaju | nanging mêksa ingadhangan | Adipati Kanitèn sigra dènnya ngling | sira iki wong apa ||
034.046 dening ta lumuh ginawe bêcik | apa sira kang amukasana[2] | Mataram iki jurite | Panêmbahan amuwus | iku durung sêmono mami | apan isun kawula | ing pangrasanisun | lamun ta manira tiwas | wong Mataram tan ana măngga apulih | wania kêmba-kêmba ||
034.047 Adipati Kanitèn sru angling | yèn mêngkono kaya ujarira | sun ladèni sira mangke [[f. 168r]: mang...ke] | dèn prayitna sirèku | datan ana gisir ing jurit | lah mara têkakêna | karosaning rèku | Panêmbahan angandika | lah ta payo karsanira sun ladèni | aja na angucira ||
034.048 wus kinêtab kudanira kalih | sampun têmpuh lawung pan agêbang | gêbang-ginêbang arame | suraknya pan gumuruh | asauran wadya Matawis | kalawan Pasuruhan | gamêlane umung | sampun larih-linarihan | kang ajurit tan ana ikang kalindhih | sami prakosanira ||
034.049 Adipati Kanitèn larihi[3] | pan tinumbak Kyai Senapatya | tan gumisir ing luguhe | pinindho pining têlu | tan gumisir Ki Senapati | Kanitèn kasayahan | têlas budinipun | asuwe tumbak-tinumbak | sami sayah kalihe gènnya ajurit | samya prawiranira ||
034.050 wadya surak lir karêngèng langit | asauran surakira umyang | lir udan tibèng pajatèn | alyir ta gunung gugrug | kadi ombak ikang jaladri | Kanitèn arsa numbak | kapale sang prabu | ciptaning wardayanira | sok tibaa sira mêngko sun kakahi | kuda sigra tinumbak ||
034.051 pan tinumbak pêpathaking rèki | kapalira Kyai Senapatya | abandhang nandêr mangilèn | Kanitèn alok asru | aja sira lumayu ugi | lah ta sira balia | aja [[f. 168v]: a...ja] sira kondur | Panêmbahan angandika | mapan sira apêrang angucirani | kaya dudu prawira ||
034.052 têka jaran kang sira larihi | nulya sira Kyai Senapatya | binalèkakên kudane | cinandhak Kyai Juru | lah ta mangke jêbèng dèn ririh | pan sira rèrèhana | wong ika atêguh | sira têdhanên Yyang Sukma | nulya sira Senapati anungkêmi | sarwi sira asalat ||
034.053 anênêdha maring ing Yyang Widi | pangèsthinira sajroning nala | gampangêna ing kalahe | Senapati anêngku | amaladi samadi êning | anêgês karsaning Sang | Amurwèng Pandulu | sampun padha tingalira | Senapati anulya sira atangi | waosipun tinatap ||
184–185 dari 856

 


anglênggak (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.186, Pupuh 34.44.2; Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 45.46.2; Babad Tanah Jawi, Pakubuwana IV, Pupuh 45.47.2). (kembali)
amungkasana (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.186, Pupuh 34.46.2). (kembali)
nglarihi. (kembali)