Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
36 dari 170
194–195 dari 856
1.937–1.946 dari 8.560
| 036.003 | panjang lamun cinarita | kitha bacingah wus dadi | sêmana wus sinêngkalan | nrus lunga marganing bumi |[1] sampuning mangkanèki | Raja Mataram cinatur | ya ta nitih dipăngga | anak isun Senapati | gajah siji wong roro kang nugangana || |
| 036.004 | êningira Senapatya | ing anakira Kadhiri | rèh isun midhangêt [[f. 177r]: midhang...êt] warta | ujare puniku nênggih | wruhanira ing nguni | wong wetan akarsa musuh | marang nagri Mataram | lan karya dus ing Sêmanggi | pan punika ujare ikang wirayat || |
| 036.005 | ya ta sutanira nêmbah | ujaring pangucap gaib | kalampahana awirang | anulung tiyang Matawis | benjang wong wetan nênggih | ngrusak tanêm tuwuhipun | nêgara ing Mataram | kawula wirang Yyang Widi | yèn èstua saking wirayat punika || |
| 036.006 | pun Senapati awirang | andulu kula Matawis | tiyang wetan angrusaka | tanêm tuwuh ing Matawis | Senapatya Nglaga ngling | hèh kamangkara nak isun |[2] gaib parentahi[3] Yyang | kaya pa gènira gisir | pan ature uni kajinêman ika || |
| 036.007 | nênggih wong wetan punika | arsa adus ing Sêmanggi | ya ta kang angirid lampah | nênggih dipati ing Gêndhing | ing Pasuruhan iki | lawan wong Surabayèku | ikang angirid lampah | nênggih Dipati Pêsagi | lan Ki Răngga Lêlana Kadhiri ika || |
| 036.008 | kang putra matur anêmbah | Senapati ing Kadhiri | kawula anuwun duka | wêtawisipun ing benjing | sadaya datan wani | dhatêng panduka pukulun | Panêmbahan gya mojar | aja sira Senapati | padha tinetahakên maring Yyang Sukma || |
| 036.009 | sampun angidêri kutha | Senapati ing Matawis | sigra laju mring pasohan [[f. 177v]: paso...han] | tumêdhak saking ing èsthi | muwah putra Kadhiri | sêmana sarêng tumurun | wadyabala Mataram | kabèh prasamya angiring | Senapati Ngalaga mantuk mring pura || |
| 036.010 | mantri andhèr ing pasohan | pêpêk prasamya anangkil | aglar andhèr ing pasohan | miwah putra ing Kadhiri | nulya ngandikan aglis | malêbêt sajro kadhatun | ing rama sri narendra | lênggah kalawan kang rabi | atanapi kang para sêlir sadaya || |
| 036.011 | sampun alênggah atata | wong dalêm sami acawis | Senapati nulya prapta | tumamèng ingawe aglis | kang putra nulya gipih | kinèn aligih ing ngayun | jajara ibunira | kang putra nêmbah tur bêkti | tan antara wau alênggah ajajar || |
| 036.012 | garwa kathahe sakawan | kalima sri narapati | kanêm putra Senapatya | saksana sarêng abukti | wong dalêm angladèni | padha angayap ing ngayun | ayom kang pêpêthetan | gănda sêkar widasari | gandanya mrik sampunira dhêdharanan || |
194–195 dari 856
| 1 | Tanggal: nrus lunga marganing bumi (S 1509). Tanggal Masehi: 1587–8. Lihat juga: nrus lunga margèng bumi (S 1509) (Babad Pajang, Anonim, Pupuh 21.4.5); anrus lunga margèng bumi (S 1509) (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 56.4.4). (kembali) |
| 2 | Bandingkan: hèh kamangka ranakingsun (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.196, Pupuh 36.6.6). (kembali) |
| 3 | parentahing (Babad Kraton, Pantja Sunjata dkk., Jilid 1.196, Pupuh 36.6.7). (kembali) |