Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 170
212–213 dari 856
2.120–2.129 dari 8.560
039.014 ênêngêna ikang tinilar murcita | ki arya nulya mijil | pêpak kang sêntana | muwah kang para putra | pan Ki Arya Suratani | ikang kinarya | Senapati Mêtawis ||
039.015 mantri Mataram akathah ingandikan | angiring Suratani | ya ta nuli bubar | wong Mataram wus mangkat | atata baris ing taji | wong Jagaraga | Pajang tumut abaris ||
039.016 sira Dêmang Jasupănta ingandikan | sira nusula aglis | sêksana umangkat | pan kasusul ing Pajang | sikêp agêng sadayèki | prapta ing kana | sakiduling Kadhiri ||
039.017 nêgara wetan ing mangke samya ta obah |[1] angrungu wong Matawis | tumindak mangetan | wong [[f. 191v]] Japan Wirasaba | Pasêdhahan lan Kadhiri | wong Surabaya | samya amêpêk baris ||
039.018 kagegeran wong cili angusi kitha | nêgara wetan iki | prasamya siyaga | jaga baris Mataram | ênêngêna ta rumiyin | kang kawarnaa | gêgamaning Matawis ||
039.019 sapraptane sakiduling Pasêdhahan | mangetan purugnèki | bala Pasêdhahan | baris sajroning kitha | gêgaman Matawis prapti | anèng Winongan | prasamya mondhok sami ||
039.020 ing Winongan sawetane Pasêdhahan | Ki Arya Suratani | mangkya angandika | hèh sira Alap-alap | sira angirida jurit | mantri sakawan | maring Arênon sigih ||
039.021 ing Lumajang rupêkên iku dènira | isun ngantèni ngriki | sigra Alap-alap | bêkta mantri sakawan | dhatêng ing Arênon aglis | nalika enjang | sêksana abêbaris ||
039.022 sampun suwung nagri ing Rênon punika | wonge angusi wukir | amung rajakaya | kêbo sapi akathah | kêbo wus jinarah sami | kitha Lumajang | nulya sami binasmi ||
039.023 Ki Tumênggung Alap-alap nèng Lumajang | ana satêngah sasi | nulya mundur sira | Tumênggung Alap-alap | datan kawarna ing margi | prapta Winongan | nulya sêseban aglis ||
212–213 dari 856

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya obah sakathahing wong brang wetan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.24.1). (kembali)