Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39 dari 170
212–213 dari 856
2.119–2.128 dari 8.560
| 039.013 | alancingan pêthak kampuhira jiga | sabuk pathola wilis | akris cinitrèng mas | sêkang maniking toya | binapang ing mas angrawit | sêkar capaka | gănda marbuk amingi[1] || |
| 039.014 | ênêngêna ikang tinilar murcita | ki arya nulya mijil | pêpak kang sêntana | muwah kang para putra | pan Ki Arya Suratani | ikang kinarya | Senapati Mêtawis || |
| 039.015 | mantri Mataram akathah ingandikan | angiring Suratani | ya ta nuli bubar | wong Mataram wus mangkat | atata baris ing taji | wong Jagaraga | Pajang tumut abaris || |
| 039.016 | sira Dêmang Jasupănta ingandikan | sira nusula aglis | sêksana umangkat | pan kasusul ing Pajang | sikêp agêng sadayèki | prapta ing kana | sakiduling Kadhiri || |
| 039.017 | nêgara wetan ing mangke samya ta obah |[2] angrungu wong Matawis | tumindak mangetan | wong [[f. 191v]] Japan Wirasaba | Pasêdhahan lan Kadhiri | wong Surabaya | samya amêpêk baris || |
| 039.018 | kagegeran wong cili angusi kitha | nêgara wetan iki | prasamya siyaga | jaga baris Mataram | ênêngêna ta rumiyin | kang kawarnaa | gêgamaning Matawis || |
| 039.019 | sapraptane sakiduling Pasêdhahan | mangetan purugnèki | bala Pasêdhahan | baris sajroning kitha | gêgaman Matawis prapti | anèng Winongan | prasamya mondhok sami || |
| 039.020 | ing Winongan sawetane Pasêdhahan | Ki Arya Suratani | mangkya angandika | hèh sira Alap-alap | sira angirida jurit | mantri sakawan | maring Arênon sigih || |
| 039.021 | ing Lumajang rupêkên iku dènira | isun ngantèni ngriki | sigra Alap-alap | bêkta mantri sakawan | dhatêng ing Arênon aglis | nalika enjang | sêksana abêbaris || |
| 039.022 | sampun suwung nagri ing Rênon punika | wonge angusi wukir | amung rajakaya | kêbo sapi akathah | kêbo wus jinarah sami | kitha Lumajang | nulya sami binasmi || |
212–213 dari 856
| 1 | aminging. (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya obah sakathahing wong brang wetan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.24.1). (kembali) |