Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39 dari 170
214–215 dari 856
2.135–2.144 dari 8.560
| 039.029 | wong Malang ika sami angêkêb ing kutha |[1] ya ta ki adipati | ing Tohjiwa ika | adipati ing Malang | wus alalos têngah wêngi | atilar bala | mangalor parannèki || |
| 039.030 | mêdal Salumbung amangetan paranira |[2] maring Arênon nênggih | ênêngna saksana | kawuwusa ing enjang | wong Mataram samya ngrampid | kutha ing Malang | anulya dèn ugahi || |
| 039.031 | apan nora ginêpok kitha ing Malang | wong Mataram ngumbèri | dadya kitha Malang | sêmana wus binêdhah | lir gêrah wong Malang nangis | wus binoyongan | kithane dèn abongi || |
| 039.032 | wong Mataram prasamya andum boyongan | binêkta bubar mulih | mring bumi Mataram | lampahnya rêreyongan | amondhok ing Lampor sami | enjange bubar | alon dènnya lumaris || |
| 039.033 | risampunnya mondhok ing Kandhat punika | enjang nulya lumaris | gêgaman Mataram | angiringkên boyongan | sêmana amondhok malih | ing Tambakbaya | sawetaning [[f. 192v]: saweta...ning] Kadhiri || |
| 039.034 | ênêngêna wau gêgaman Mataram | wong wetan bangun malih | samya pagunêman | Pangeran Surabaya | lan Pangeran Japan nênggih | ing Wirasaba | Pasuruhan anunggil || |
| 039.035 | wong Madurarêja sah apagunêman | amung tiyang Kadhiri | ika nora mêdal | sangêt panyodi karsa | milane datan miyosi | jaga Mataram | pondhok pêrêk Kadhiri || |
| 039.036 | gêgamane prasamya têtunon sira | salor wetan Kadhiri | ing Babaran ika | galagah tinunonan | gita wadya ing Matawis | tunon pawaka | bala prasamya angling || |
| 039.037 | hèh wong Mataram lah têtunon apa ika |[3] saking lor wetan iki | Tumênggung Lap-alap | marêk ing pasanggrahan | Arya Suratani angling | hèh Alap-alap | paekan apa iki || |
| 039.038 | Tumênggung Alap-alap matur wotsêkar | tiyang wetan puniki | nungsul magut aprang | karsa nambulih ika | dhatêng panduka dipati | tiyang bang wetan | punika atut wuri || |
214–215 dari 856
| 1 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: wong ing Malang samya angêkêp ing kitha (Babad Jawi, British Library (MSS Jav 29), Pupuh 64.34.1); wong ing Malang samya angêkên jro kitha (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.35.1). (kembali) |
| 2 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: mêdal ing Salumbung malayu angetan (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 64.35.1). (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: hèh wong batur lah têtunon ika apa (Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, Pupuh 54.71.1); hèh wong batur iya ikagni [ika agni] apa (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.40.1). (kembali) |