Tembang macapat

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
39 dari 170
212–213 dari 856
2.112–2.121 dari 8.560
039.006 sira Arya Suratani ingandikan | sira mangkata aglis | marang ing bang wetan | kabèh bala Mataram | pan têkakêna rumiyin | lan jênêngana | wong kang amagut jurit ||
039.007 gêgamanira alah kabèh mêrapata |[1] lan wongira sapalih | konên andhêsêka | barise wong Mataram | kang para mantri jênêngi | yèn angleda |[2] tumbakên saking wuri ||
039.008 sira Arya Suratani mit anêmbah | muwah kang tăndha mantri | pan sampun siga |[3] sarta gêgamanira | asaos karsaning gusti | ikang Mangkurat | mantuk ing dalêm puri ||
039.009 wau Arya Suratani mantuk [[f. 191r]: mantu...k] marang | wisma panggih lan rabi | anak rayatira | garwanira têtiga | pêpundhutan wus sumaji | prapta ki arya | rabinira nungkêmi ||
039.010 dipun atut adulur sawuriniwang | isun kinèn ajurit | dening jêng suhunan | kinon ajênêngana | mantri Mataram ajurit | dèn bisa sira | angawula ing wuri ||
039.011 alah uwis kantuna sira sun tilar | sadaya rabi mami | lawan anakira | iku dipun prayitna | manira mênawa mati | lan kawlasarsa | dadi trêsna sun iki ||
039.012 sami kapiluh rabinira sadaya | mulat suta lan rabi | asêmu sungkawa | ciptanira lan jiwa | waspanira adrês mijil | sarya ingaras | katiga garwanèki ||
039.013 alancingan pêthak kampuhira jiga | sabuk pathola wilis | akris cinitrèng mas | sêkang maniking toya | binapang ing mas angrawit | sêkar capaka | gănda marbuk amingi[4] ||
039.014 ênêngêna ikang tinilar murcita | ki arya nulya mijil | pêpak kang sêntana | muwah kang para putra | pan Ki Arya Suratani | ikang kinarya | Senapati Mêtawis ||
039.015 mantri Mataram akathah ingandikan | angiring Suratani | ya ta nuli bubar | wong Mataram wus mangkat | atata baris ing taji | wong Jagaraga | Pajang tumut abaris ||
212–213 dari 856

 


Lebih satu suku kata. Bandingkan: gêgamane sadaya sira parowa (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.7.1). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: yèn ana leda (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.7.6). (kembali)
Kurang satu suku kata. Bandingkan: samya asiyaga (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.8.3). (kembali)
aminging. (kembali)