Tembang macapat
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Kraton, British Library (Add MS 12320), 1777–8, #1016
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
39 dari 170
212–213 dari 856
2.114–2.123 dari 8.560
| 039.008 | sira Arya Suratani mit anêmbah | muwah kang tăndha mantri | pan sampun siga |[1] sarta gêgamanira | asaos karsaning gusti | ikang Mangkurat | mantuk ing dalêm puri || |
| 039.009 | wau Arya Suratani mantuk [[f. 191r]: mantu...k] marang | wisma panggih lan rabi | anak rayatira | garwanira têtiga | pêpundhutan wus sumaji | prapta ki arya | rabinira nungkêmi || |
| 039.010 | dipun atut adulur sawuriniwang | isun kinèn ajurit | dening jêng suhunan | kinon ajênêngana | mantri Mataram ajurit | dèn bisa sira | angawula ing wuri || |
| 039.011 | alah uwis kantuna sira sun tilar | sadaya rabi mami | lawan anakira | iku dipun prayitna | manira mênawa mati | lan kawlasarsa | dadi trêsna sun iki || |
| 039.012 | sami kapiluh rabinira sadaya | mulat suta lan rabi | asêmu sungkawa | ciptanira lan jiwa | waspanira adrês mijil | sarya ingaras | katiga garwanèki || |
| 039.013 | alancingan pêthak kampuhira jiga | sabuk pathola wilis | akris cinitrèng mas | sêkang maniking toya | binapang ing mas angrawit | sêkar capaka | gănda marbuk amingi[2] || |
| 039.014 | ênêngêna ikang tinilar murcita | ki arya nulya mijil | pêpak kang sêntana | muwah kang para putra | pan Ki Arya Suratani | ikang kinarya | Senapati Mêtawis || |
| 039.015 | mantri Mataram akathah ingandikan | angiring Suratani | ya ta nuli bubar | wong Mataram wus mangkat | atata baris ing taji | wong Jagaraga | Pajang tumut abaris || |
| 039.016 | sira Dêmang Jasupănta ingandikan | sira nusula aglis | sêksana umangkat | pan kasusul ing Pajang | sikêp agêng sadayèki | prapta ing kana | sakiduling Kadhiri || |
| 039.017 | nêgara wetan ing mangke samya ta obah |[3] angrungu wong Matawis | tumindak mangetan | wong [[f. 191v]] Japan Wirasaba | Pasêdhahan lan Kadhiri | wong Surabaya | samya amêpêk baris || |
212–213 dari 856
| 1 | Kurang satu suku kata. Bandingkan: samya asiyaga (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.8.3). (kembali) |
| 2 | aminging. (kembali) |
| 3 | Lebih satu suku kata. Bandingkan: samya obah sakathahing wong brang wetan (Babad Mantaram, Radya Pustaka (RP 21B), Pupuh 2.24.1). (kembali) |