Tembang macapat
Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Wulang Rèh sarta Sanasunu, Mangunpraja, 1920, #102
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
19 dari 34
53–54 dari 111
523–532 dari 1.110
| 19.06 | rukuk iku asal angin | dudu angin sangking tawang | dudu angin sarupane | dudu angin păncawora | dudu angin prahara | dudu angin kênèng têdhuh | sajatine angin napas || |
| 19.07 | ingkang muji siyang latri | iku angin kang sampurna | datan pêgat pamujine | maring Yyang Kang Maha Mulya | pan têtalining gêsang | iya ingkang napas iku | kang wayah malih turira || |
| 19.08 | ingkang sujud kadyapundi | punika asal punapa | kang eyang aris dêlinge | ingkang [106] sujut angsal toya | banyu urip jatinya | urip datan kêna lampus | anguripi ing sajagat || |
| 19.09 | lungguh angsal sangking bumi | dudu bumi kang kancikan | badanira sajatine | iku bumi kang sampurna | emuta yèn kapurba | kang wayah samya umatur | mugi kajarwakna pisan || |
| 19.10 | ngadêk asal sangking api | angadhêpakên punapa | rukuk asal angin mangke | angadhêpakên punapa | sujut asaling toya | asal bumi ingkang lungguh | angadhêpakên punapa || |
| 19.11 | yèn sira durung udani | angadêk asal dahana | angarêpakên uripe | urip kang tan kêna pêjah | warnane kadi rêtna | gumilang-gilang umancur | angadêk pucuking grana || |
| 19.12 | arukuk asaling angin | angarêpakên sirulah | pan kadi lintang warnane | cahyane gumilang-gilang | lawan maninge iya | ingkang sujut asal banyu | kang dèn adhêpakên iya || |
| 19.13 | kêkasihira Yyang Widi | ingkang nama rasulullah | iku kang dèn adhêpake | cahyane lir sêgara mas | warnane lir gurnita | asal bumi ingkang lungguh [107] | kang dèn adhêpakên ika || |
| 19.14 | rupa kang langkung dumêling | kang dèn adhêpakên iya | rupa kang langkung padhange | kang wayah aris turira | ingkang ngadêk punika | asal api malihipun | angaturakên punapa || |
| 19.15 | dhatêng Pangeran kang jati | karana katarimaa | wong puniku sêmbayange | tanapi rukuk punika | punapa ingaturna | lan malih ingkang asujud | punapa dèn aturna |[1]| |
53–54 dari 111
| 1 | Kurang satu suku kata: punapa dèn aturêna. (kembali) |