Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
42–43 dari 234
244–245 dari 1.487
2.437–2.446 dari 14.865
042.025 raja pandhita ing Giri ingaturan | kalamun wong Matawis | angêpung ing Japan | nanging nagara wetan | sadaya samya nulungi | wontên ing Japan | sami apacêk biting ||
042.026 sigra Panêmbahan ing Arga putusan | kaum sadaya iki | dhatênga ing Japan | sarya amawi surat | kaum sadaya lumaris | ing lampahira | dhatêng ing Japan iki ||
042.027 tan kawarna ing marga wus praptèng Japan | nulya amondhok aglis | wong agung Mataram | iku wus kinongkonan | dèn angutusan ing Giri | wong agung wetan | prasamya dèn kongkoni ||
042.028 sampun prapta wong agung wetan sadaya | miwah rajèng Matawis | apan sampun prapta | samya linggih atata | wus pêpêk para dipati | utusan Ngarga | nulya sirangling aris ||
042.029 hèh wong agung Mataram wong agung wetan | ingsun dinuta iki | dening Panêmbahan | Ngarga mring pakênira | tur sarwi amawi tulis | lah piyarsakna | asmarane kang tulis ||
43. Asmaradana
043.001 hèh kaki jêbèng Matawis | miwah jêbèng Surabaya | dening ta sira sun tongton | samya rêbut panjênêngan | nêdya awawan-wawan | lah uwis padha rahayu | iya dening lamun [6: 31: lamu...n] ana ||
043.002 pamiyakira Hyang Widi | kang andhap kang luhur ika | besuk ana tinêmune | ing mêngko pan durung măngsa | balik padha patuta | lah prajangjian sirèku | pilih padha piniliha ||
043.003 wêwadhah kalawan isi | iku singa amiliha | yèn uwis mangkone rêke | sira padha asukura | ing Hyang Kang Maha Mulya | titi winaos sratipun | dan wong agung ing Mataram ||
043.004 mirsa ungêle kang tulis | sarya sira angandika | lah yayi Surabayane | kayaparan karsanira | dikane Sunan Ngarga | pakanira lawan ingsun | mangke kinèn amiliha ||
043.005 ing rêngan kalawan isi | andika dhingin miliha | manira pan kari bae | dadya kathah adipatya | miwah kang para nata | tan kinèn milih puniku | mung andika lan manira ||
244–245 dari 1.487