Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
46 dari 234
263–264 dari 1.487
2.628–2.637 dari 14.865
| 46. Asmaradana | |
| 42. Senapati ing Kadiri nungkul aris dhatêng wong agung ing Mataram | |
| 046.001 | punika babade nguni | kaya winisayèng buta | janma sinigêg sang katong | kocapa ing Surabaya | dadi pangungsèn ika | wong Pranaraga Madiun | kabèh [6: 62: ka...bèh] anèng Surabaya || |
| 046.002 | pirang warsa laminèki | prang ing kali Dhadhung ika | mangkana winuwus malèh | nênggih Ki Mas Lonthang ika | sutanya Panêmbahan | ing Madiun pan pinupu | mantu Pangran Surabaya || |
| 046.003 | ênêngakêna rumiyin | kocapa Kadhiri ika | namane kang madêg katong | rumiyin pangeran êmas | lami-lami pan seda | pangran mas sasedanipun | katur Pangran Surabaya || |
| 046.004 | dadya nagri kidul nênggih | samya ingisèn punggawa | mring Pangran Surabayane | ingkang ananduri ika | ing Kadhiri samana | kang jumênêng ratu jalu | inggih saking Surabaya || |
| 046.005 | miwah Ki Mas Lonthang malih | kang saking Madiun ika | ingkang pinipil mantune | mring Pangeran Surabaya | pan pinarnah punika | anèng ing Japan alungguh | jumênêng Dipati Japan || |
| 046.006 | dening ing Wirasabèki | wus tinanêman punggawa | Ki Răngga Pramana rane | kang jumênêng Wirasaba | miwah ing Pasêdhahan | ingisèn punggawa sampun | Adipati Pakulungan || |
| 046.007 | iku caritane uni | kang anjamah padha lanang | ri sampun kinăndha kabèh | karta jamane samana | ênêngakêna ika | wontên gantia winuwus | ing Kadhiri kang winarna || |
| 046.008 | Senapati ing Kadhiri | wus wikan ujar wirayat | agunêm lawan arine | kang aran Ki Suradipa | arine malih ika | aran Ki Êntol Jajanggu | myang ari wuragil ika || |
| 046.009 | Kartimasa kang wêwangi | Senapati [6: 63] aris mojar | hèh Suradipa riningong | mêngko paran daya kita | dening nagri Mataram | mangkya iki saya ngrêgu | iya yayi wruhanira || |
| 046.010 | apan jaman iki mangkin | yayi kadyapa ing kita | ing mangkya mingêr mangulon | yèn ingong rasa ing nala | bang wetan iki uga | saya apês jamanipun | lan malih ujar wirayat || |
263–264 dari 1.487