Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
48 dari 234
288–289 dari 1.487
2.872–2.881 dari 14.865
| 048.015 | nora nyana yèn sira nuli palastra | ingsun dhingin kang sisip | purwane palastra | saking bêbadhong ika | ingsun ingkang bonggan ugi | Ki Senapatya | sira [7: 26] ingsun belani || |
| 048.016 | angandika Panêmbahan ing Mataram | sikêp dalêm wus baris | gajah pinalanan | kuda wun kinakapan | pan arsa bubar tumuli | wadya Mataram | horêg prasamya baris || |
| 048.017 | karsanira Panêmbahan ing Mataram | arsa apulih gêtih | ya ta kawarnaa | utusan ingkang prapta | sigra marêk ing narpati | nulya tur sêmbah | matur ing sri bupati || |
| 048.018 | pan kawula dinuta rayi narendra | Pangeran Mangkubumi | ngaturi uninga | yèn Senapati pêjah | sampyuh lawan Ki Pasagi | myang ari nata | atur têtêkan gusti || |
| 048.019 | saking tiwas anggènnya amba rumêksa | dasih dalêm ngêmasi | punika katura | janggane mantri wetan | lan êndhase pun Pasagi | ingkang agêsang | sampun têbah kalindhih || |
| 048.020 | prajurite kang sami pêjah punika | wasta pun Wiramantri | lan Răngga Jaladra | mastakane katura | lan rayi turipun malih | pun Senapatya | inggih pinêtak pundi || |
| 048.021 | lawan mêngsah dalêm punika sadaya | punapa sinuk malih | miwah ngêndêlêna | anuhun karsa nata | punika angantos gusti | têlas aturnya | utusan atur bêkti || |
| 048.022 | angandika Panêmbahan ing Mataram | sira balia aglis | myang Si Ragapita | lan utusan kang prapta | timbalana Mangkubumi | lah wus mundura | sakèhing wong Matawis || |
| 048.023 | dening arsa banjura maring bang wetan | durung mangsane mangkin | tur măngsa wurunga | anglurug mring bang wetan | yèn wus mangsane [7: 27: mang...sane] ing benjing | nak putuningwang | ingkang ngrata rat Jawi || |
| 048.024 | lan jisime Senapati dèn pêtaka | aran desa ing Wêdhi | utusan tur sêmbah | sigra wau umangkat | sang nata ngandika aris | mring wadyanira | lah mentara siraglis || |
288–289 dari 1.487