Tembang macapat

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php

Leksikon

/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php

Telusuri

Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024

/sastra/macapat/tembang.inx.php

Pencarian Tembang

Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.

 
48 dari 234
287–288 dari 1.487
2.863–2.872 dari 14.865
048.006 para putra tan kewran pangamukira | kinarubut ing bêdhil | sinosog ing tumbak | linêmbing binangkolang | lir udan lêmbing suligi | datan tumama | ngamuk samya nêngahi ||
048.007 liwung awor prajurite akèh pêjah | punggawa akèh mati | swaranya lir grêrah | pangadhuh wong kabranan | wong wetan sampun kalindhih | gègèr puyêngan | mayit tumpang atindhih ||
048.008 bupatine wus datan nêdya nolèha | balane tan tinolih [7: 25: ti...nolih] | pan kasangsang-sangsang | anunjang ing galagah | pangarate amisuhi | prajurit jawal | bature tan dèn tolih ||
048.009 dening wau prajurite wong bang wetan | ingkang sampun ngêmasi | pun Răngga Jaladra | murdane wus katigas | kalawan pun Wiramantri | mastakanira | binakta mring Matawis ||
048.010 ambêbandhang sakèhe wadya Mataram | waos kêris myang bêdhil | miwah rajabrana | sampun mundur sadaya | maring pamondhokan malih | atatan-tatan | Pangeran Mangkubumi ||
048.011 arêmbagan karsanira aputusan | angaturi upêksi | mring bathara nata | yèn Senapati pêjah | sampyuh lawan Ki Pasagi | mungsuh bang wetan | apan sampun kalindhih ||
048.012 prajurite kalong kêkalih matura | lan Adipati Gêndhing | sampun kapalajar | lawan Răngga Lêlana | lan jisime Senapati | sira matura | pinêtak anèng ngêndi ||
048.013 adan mentar dutanira sêsandêran | lumayu mring Matawis | dening kang wus prapta | dhingin Ki Ragapita | sampun marêk ing sang aji | atur uninga | yèn Senapati mati ||
048.014 amiyarsa Panêmbahan ing Ngalaga | yèn Senapati mati | pan alênggak-lênggak | luh linarangan tiba | gêgêtunira tan sipi | micarèng nala | dhuh jêbèng Senapati ||
048.015 nora nyana yèn sira nuli palastra | ingsun dhingin kang sisip | purwane palastra | saking bêbadhong ika | ingsun ingkang bonggan ugi | Ki Senapatya | sira [7: 26] ingsun belani ||
287–288 dari 1.487