Tembang macapat
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/leksikon/leksikon-singkat.inx.php
Leksikon
/sastra/telusuri/telusuri-singkat.inx.php
Telusuri
Babad Tanah Jawi, Balai Pustaka, 1939–41, #1024
/sastra/macapat/tembang.inx.php
Pencarian Tembang
Lingkup pencarian: teks (bait) saja. Teks pencarian: bisa beberapa kata; setiap kata minimal 3 karakter; total 40 karakter; terbatas pada karakter huruf [a...z, diakritik bersangkutan, spasi] dan angka [0...9]. Filter pencarian: huruf besar/kecil serta diakritik diabaikan; hasilnya dapat difilter berdasarkan opsi kata utuh; dan 3 opsi lainnya jika mencari lebih dari satu kata: salah satu kata, semua kata, atau frasa persis.
49 dari 234
295–296 dari 1.487
2.944–2.953 dari 14.865
| 049.031 | mantrinira kabèh atur paksi | aturipun sadaya mangkana | ngaturakên prasêtyane | Dipati Pathi muwus | sun tarima sêtyanirèki | muga ta winalêsa | ri saksana mundhut | wastra kalawan barana | anggêganjar wadyanira pan waradin | tan ana kaliwatan || |
| 049.032 | nulya kinèn têngaraa aglis | bêndhenira tinêmbang angangkang | wus pêpêk kabèh barise | bêdhil mariyêm tulup | kalantaka busur myang lêmbing | tunggul lêlayu amyang | myang kang umbul-umbul | asrang lan kriciking watang | lir sagara gêgamane wadya Pathi | pindha ardi dahana || |
| 049.033 | nulya bubar sakathahing baris | Adipati Pathi anèng wuntat | ginarêbêg [7: 38: ginarêbê...g] ing wadyane | wahana kudanipun | ingkang aran pun Yudasari | ulês jêne araras | pinanganggyan murub | wadya prasamya prayitna | solahira wong Pathi lir banthèng kanin | lir macan sutèng măngsa || |
| 049.034 | tan kawarna lampahe wong Pathi | kawarnaa raja ing Mataram | siniwi wadyane kabèh | kajinêman wus rawuh | ngarsanira sri narapati | angaturi uninga | kajinêman matur | rayi paduka Santênan | wus lumampah ing mangkya lagya nèng margi | angrabasèng Mataram || |
| 049.035 | sri narendra sigra dènnya angling | maring sakathahe kang sewaka | lah agya dandana kabèh | ngiringa sutèng ulun | Adipati Anom Matawis | iku ngong duta mapag | prang wadyèng Pathiku | sakèh sutèngsun sadaya | angiringa sadandanan ing ajurit | kabèh dèn aprayitna || |
| 049.036 | Adipati Mandraka turnyaris | kadya punapa ing karsa tuwan | anglampahakên sutane | yèn pangraosing ulun | ari prabu Dipati Pathi | lamun dedea tuwan | tan wontên kang mungsuh | Panêmbahan angandika | suta kita ing Pathi ulun prih eling | malah iku wiranga || |
| 049.037 | lah wêkas ingsun ta ki dipati | pamanira kita elingêna | Mataram iki duwene | dening arsa amungsuh | maring ingsun tan ngong ladèni | yèn pamanira mêksa | nora kêna mundur | têka sira ladènana | sabudine nging sira dèn ngati-ati | pamanira digdaya || |
| 049.038 | lah uwis kita bubara kaki | iki waos lah kita anggoa | kang putra [7: 39: pu...tra] atur sêmbahe | lumèngsèr saking ngayun | nulya bubar sakèhing baris | lampahipun atata | pan dêdamêl agung | tinon saking ing mandrawa | kadi gunung kawêlagar ingkang baris | tan kawarna ing marga || |
| 049.039 | dyan warnanên Ki Dipati Pathi | sampun praptèng Taji bêbarisan | Pêmalon ika pondhoke | wong Mataram wus rawuh | Parambanan dènnya abaris | ya ta atatan-tatan | kasaput ing dalu | tan kawarna solahira | enjingane sira Adipati Pathi | arsa angantêp yuda || |
| 049.040 | dening wau dêdamêl Matawis | sigra mangkat prayitna ing yuda | amapag ika karsane | amagut juritipun | ya ta kandhêg kang ponang baris | pangeran adipatya | angandika asru | sakèh gêgaman Mataram | andhêgêna ingsun arsa amanggihi | ingsun dhawak mring paman || |
295–296 dari 1.487